BAB II
ISI
2.1
Tembang
Macapat
Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang
kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Tembang
macapat iku ana 11 tembang yaiku Mijil,
Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma,
Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum
nduweni teges dewe-dewe. Saben metrum macapat kasebut
nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku
nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit
kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut
(Sugito HS, 2010:6).
Salah siji paugeran yaiku guru lagu, guru gatra, lan
guru wilangan. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada(satu
bait) .Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben
sagatra. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagune tembang macapat yaiku :
1.
Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra :
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2.
Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra :
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3.
Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a,
8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4.
Asmaradhana : Kedadeyan saka 7 gatra
: 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
5.
Dhandhanggula: Kedadeyan saka 10
gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a.
6.
Gambuh : Kedadeyan saka 5 gatra :
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7.
Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra
: 12i,6a, 8i, 8a
8.
Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a,
7a, 8i, 5a, 7a
9.
Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra :
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i,
8u, 8i, 8o
11. Pocung :
Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a
2.2 Tembang Macapat Gaya Gresikan
Tembang
macapat gaya Gresikan yaiku salahsawijining tembang macapat sing dadi ciri
khase daerah Gresik. Tembang macapat gaya Gresikan diwulangake ing sekolah
macapatan sing diadakake Lembaga Seni Budaya dan Olahraga ( LSBO ) PDM Gresik.
Bisane sekolah macapatan diadakake saben dinten Rabu tabuh 18.30 -21.00.
Ancasipun
diadakake sekolah macapatan yaiku kanggo nyinauni macapatan gaya Gresikan lan
bisa neletareake macapat gaya Gresikan. Lan uga bisa ngasilake generasi paneru
macapatan gaya Gresikan. Ing sekolah macapatan dipimpin seniman Gresik yaiku
bapak Mat Kauli. Saderengipun bapak Mat Kauli wonten seniman saka Gresik yaiku almarhum Mbah Nurhasyim seniman saka desa Lumpur Gresik.
Deweke duweni gaya macapatan cengkok pesisiran. Ing sekolah macapatan
uga ana bapak Sugeng Adipitoyo minangka dosen unesa pendhidhikan basa lan
sastra jawa. Pesertanipun uga ana pegawe-pegawe saka greik.
Ing sekolah macapatan ora amung warga saka Gresik ing sinau anangin
saka daerah liya. In kana pesertane iku ora ana batesane. Ing sekolah macapatan
nyinauni tembang-tembang macapat. Ing kana saben peserta disilihi buku
dewe-dewe. Wektu observasi nyinauni tembang Durma pelog sangga. Sadurunge iku
sinau tembang asmarandana, amarga asmarandana iku lumayan angel miturute bapak
Mat Kauli dadi diganthi tembang durma.
Tembang durma duweni teges watak keras, nesu, semangat,
tegang lan uga duweni makna gawe manungsa sing lagi nesu. Ing sekolah
macapatan gaya gresik iku ora sinau maca titi larasipun anangin maca
cakepanipun. Sitem sinau sing digunakake iku bapak Mat Kauli menehi tuladha
banjur ditiru karo pesertanipun.
No comments:
Post a Comment