PENGIN
SRAGAM SEKOLAH
Dening Desy Setyawati
Saben esuk Wati
wis budhal menyang pasar. Karo nggendhong bakul cilik sing isine
godhong-godhongan sing digawe masak. Wanci esuk pasar wis katon rame banget,
para pedagang wis padha nggelar dagangane dhewe-dhewe.
“ Wati, kok ya
yahmene wis tekan pasar?, ujare Warni.
“ Eh lha ya
mbok, la lek yahmene durung tekan pasar ya arep mangan apa ta mbok .”
Para pedagang
mung bisa nyawang Wati, sing isih bocah dekwingi kok wis urip rekasa kaya
mangkana. Apa ya ora ana wong tuwane sing nguripi. Senadyan isih bocah sing umure 15 taun , Wati iku wis duwe bojo.
Deweke dinikahake wong tuwane amarga wis ora bisa nyekolahna Wati. Wati yo wong
wadon, ora pantes yen wong wadon iku sekolah dhuwur-dhuwur. Paling-paling ya
mung nyandhak piring ing Pawon.
Kabeh
kaluwargane Wati ora sarujuk yen Wati iku sekolah. Sekolah iku mung ngentekake
bandha, sing sekolah wae ora dadi apa-apa. Yen lanang sekolah iku ora apa-apa
amarga wong lanang iku duwe kawajipan nguripi wong wadon. Ning seje karo wong
wadon sing nduweni kawajipan ngerumat anak lan bojo. Ora sekolah ora apa-apa.
Sejatine Wati
iku ya pengin kaya kanca-kancane sing sekolah. Dheweke saben dinane kudu
ngrewangi bojone nang pasar. Beda karo kanca-kancane sing isih guyon lan
gegojegan ing latar sekolah. Wati wis kandha marang bapak lan simboke ning ora
digagas.
“Mbok, kula
kepengin sekolah mbok.”
“ Sekolah, Ndhuk
!. Gawe apa sekolah, sekolah iku ora ana gunane Ndhuk. Awakmu iku wong wadon,
wong wadon iku mung ngurusi anak lan bojone. Pagaweyane ya iku Ndhuk. Dadi anak
aja mbantah wong tuwa. Marni sekolah dhuwur ya ora dadi apa-apa ta. Metu
sekolah nikah banjur ngendhong anak. Ya iku kawajipane wong wadon Ndhuk.”
“Ananging taksih
wonten tiyang estri kang sekolah niku sukses mbok.”
“Wong wadon iku
aja ngimpi dhuwur Ndhuk cah ayu, tempe gembuk ora payu. Iling Ndhuk kowe iku
wong wadon, seje karo wong lanang. Kaya simbokmu iki, pagaweane ya mung nang
pawon. Ya iku kawajipane wong wadon. Manuta simbok lan bapak Ndhuk, nikaha karo
Bagus Ndhuk. Bagus iku ya wis mergawe, senadyan ora sugih ning rekasane nyambut
gawe josss tenan Ndhuk.”
“Kula mboten
tresna kalih Mas Bagus, mbok. Kula dereng kepingin nikah mbok, yen kula mboten
angsal sekolah. kula nyambut gawe Mbok,Pak.”
“ Awakmu iku
wong wadon Ndhuk, yen awakmu durung nikah-nikah iku isih dadi tanggungane wong
tuwa Ndhuk. Apa kowe kepengin gawe simbok lan bapakmu iku sedhih ta Ndhuk. Apa
jare tangga yen duwe anak wadon kok durung dinikahna. Yen ana kadadean sing ora
dipengini ya apa ta Ndhuk.”
Wati mung bisa
nerima kanthi iklas apa sing dadi kekarepane simboke lan bapake. Senadyan
kepingin sekolah ning gegayuhane Wati kepengin dadi Bidan iku wis luntur. Wati
mung bisa nyimpen apa kang dadi impene iku ing jero atine. Amarga rasa tresnane
Wati ing wong tuwane, dheweke gelem nikah karo Bagus.
Wis 11 sasi Wati
nikah karo Bagus, uripe Wati saben dinane ya mung ngewangi bakulan ing pasar
bojone. Karo nyekeli wetenge sing wis ngandhut 5 sasi. Karo nyawang
kanca-kancane sing liwat ing dalan gawe sragam sekolah lan nyangklong tas. Wati
mung bisa nyawang lan nguda rasa. Kok ya ngene uripe dheweke.
“ Mungga aku
oleh sekolah, aku bakal gawe sragam sekolah.”
“Ana apa ta
dhik, sajake kok ngelamun wae. Apa ya lesu ta piye dhik. Iku lo ana wong tuku
ndang diladeni dhik.”
“ Inggih kang
mas.”
“ Nek tak
sawang-sawang sliramu kok nyawang bocah-bocah sing gawe sragam sekolah ta dhik?
Sajake ana apa ta dhik. Aja gawe kang mas penasaran ta dhik.”
“ Saestu mboten
napa-napa kang mas. Mung kepingin nyawang
Kang
Mas.”
“Oalah ya wis
yen ngana Dhik. “
Wati mung bisa
nyimpen rasa ing jero atine. Wati ora wani kandha ing bojene yen dheweke iku
kepingin gawe sragam sekolah. amarga wedi yen nyinder bojone. Wati iki wanita
sing sabar lan bekti marang wong tuwane lan bojone. Mula akeh banget sing
wigati marang Wati.
“ Ndhuk cah ayu,
kepriye kandhutanmu ?. sehat ta .”
“ Inggih Budhe,
alhamdulilah sehat budhe.”
“ Satemene aku
ngerti apa sing kowe rasakne Ndhuk. Aku ngerti yen awakmu iku kepingin sekolah
ta Ndhuk. Iku kabeh salahe bapak lan simbokmu. Wong duwe anak wadon sing niyat
sekolah kokmalah dinikahna. Sing bener iku dadi wong tuwa kudu Ndhukung anake.
“
“ Boten
napa-napa budhe, niki sampun dados kawajiban kula bekthi marang wong tuwa
budhe. Inggih sampun budhe niki sampun siyang kula badhe wangsul rumiyin. Niki
kang mas inggih badhe tindak Magetan.”
“ iya, Ndhukkk.”
Wati lan bojone
bali ing omah. Tekan omah wati kepikiran apa sing diomongake Mbok Gini. Ning ya
kepriye maneh sega wis dadi bubur. Wis ora kena dibaleni maneh. Tur wati ya wis
ngandut 5 sasi. Kawajipane ya ngurusi anake yen lahir lan ngurusi bojone. Sing
kudu dilakoni ya sinau dadi bojo sing apik. Lan kudu nrima apa sing dadi garise
urip. Syukur-syukur yen bisa urip mulya karo bojone.
No comments:
Post a Comment