TRADISI MANGANAN ATAU SEDHEKAH BUMI ING DESA PAGERWESI KECAMATAN TRUCUK KABUPATEN BOJONEGORO

 

MANGANAN ING DESA PAGERWESI KECAMATAN TRUCUK KABUPATEN BOJONEGORO

Dening Desy Setyawati

 

Manganan yaiku salahsawijining tradisi kang ditindakake dening masyarakat desa Pagerwesi kangge ngucapake raos syukur dhateng Gusti ingkang Maha Agung. Manganan dipuntindakake kangge nyuwun marang Gusti ingkang Maha Agung supados desanipun boten wonten penyakit lan sengkala, ugi supados asilipun panen saged kathah. Miturut bapak Saniman adicara mangan boten amung ngucapake raos syukur dhateng Gusti Maha Agung, ananging ugi ngucapake matur nembah nuwun  marang para pepunden ingkang wonten desa Pagerwesi. Amergi sampun jagi desa Pagerwesi saking bebaya lan malapetaka lan uga ngurmati para sesepuh ingkang wonten desa.

Miturut bapak Saniman tradisi manganan kedhah dipuntindakake sedaya warga desa Pagerwesi boten amung tiyang jaler ananging uga tiyang estri lan bocah-bocah ugi tumut ing adicara kasebut. Warga mbekta sesaji lan ugi ambeng kangge adicara manganan. Ingkang dipunpimpin kaliyan Mbah Moden. Miturut bapak Saniman  manganan kedhah dipuntindakake sedaya warga desa amergi supados sedaya warga desa selamet lan ugi angsal berkah saking Gusti ingkang Maha Agung. Supados sedaya kaluwarga saged urip makmur, lan asilipun panen saged kathah boten wonten sengkala lan bebaya.

Tradisi manganan ing desa Pagerwesi kecamatan Trucuk Kabupaten Bojonegoro dipuntindakake ing sasi Juni utawa Juli. Adicara manganan ditindakake sasi Juni utawa Juli amergi ing sasi kasebut warga desa sampun panen sedaya. Lan kangge ngucapake raos syukur marang Gusti ingkang Maha Agung amergi sampun panen lan sampun dipunparingi rejeki. Supados panen salajengipun saged kathah malih lan ugi dipun parigi selamet. Sasi Juni utawa Juli  niku sasi ingkang barakoh, amergi masyarakat desa Pagerwesi angsal panen, boten taneman pari nanging uga pola pendem kang saged dados panguripan masyarakat.

         Tradisi manganan dipuntindke ing dinten Kemis legi  lan Jemu’ah Pahing. Menapa dipuntindakake ing dinten Kemis legi lan jemu’ah pahing, miturut Bapak saniman amergi sampun dados kapitayan masyarakat desa Pagerwesi lan ugi sampun turun tinurun saking para sesepuh. Lajeng kula nyuwun pirsa marang tangga  sanesipun inggih menika bapak Suwarn, miturut panjenenganipun inggih sami menawi adicara manganan ditindakake ing dinten Kemis legi lan Jemu’ah niku sampun dados kapitayan masyarakat lan sampun turun-tinurun saking para sesepuh . Kula nyuwun pirsa kaliyan warga sanesipun pamanggihipun inggih sami kaliyan bapak saniman, boten wonten ingkang mangertosi sebabipun adicara menika dipuntindakake dinten Kemis legi lan jemu’ah pahing.

Papan panggonanipun kangge nindakake tradisi manganan inggih menika wonten 5 papan panggonan. Ingkang kaping setunggal inggih menika wonten punden Mbah Ngali. Adicara kaping setunggal dipuntindakake wonten punden Mbah Ngali maergi gadhah tujuwan inggih menika kangge ngucapake raos syukur lan ugi dedonga kangge Mbah Ngali, lan uga  Mbah Ngali niku sesepuh kaping satunggal ing desa Pagerwesi. Miturut bapak Saniman warga desa Pagerwesi percados menawi Punden Mbah Ngali niku ingkang dados punjeripun desa Pagerwesi. Punjeripun inggih menika papan panggonan ingkang nomer setunggal masyarakat desa Pagerwesi niku hanetepi desa. Desa Pagerwesi niku tirose awujud naga, ingkang dados endasipun inggih menika wonten ing Punden Mbah Ngali.

Kaping kalih wonten ing sendhang. Kenging menapa dipuntindkakae wonten sendhang, amergi sendhang niku dados papan panggonanipun Mbah Danyang Pagerwesi ingkang naminipun inggih menika Mbah Karminah. Miturut bapak Saniman Mbah Danyang Pagerwesi niku danyang ingkang jagi desa Pagerwesi lan tiyang estri kaping setunggal wonten desa Pagerwesi ingkang dipunpercados dening masyarakat. lan ugi sendhang niku dados sumber toya ingkang diginakake masyarakat desa Pagerwesi kangge panguripan. Dados adicara manganan kedhah ditindakake wonten Sendhang, supados masyarakat boten supe kaliyan danyang desa Pagerwesi. Lan minangka rasa syukur marang Gusti ingkang Maha Agung, amergi sampun dipun paringi sumber toya kangge panguripanipun masyarakat.

Kaping tiga wonten Keramat Dandang. Menapa dipuntindakake wonten Keramat Dandang, miturut bapak Saniman Keramat Dandang niku petilasanipun pangeran Sumber Nyawa. Prajurit ingkang jagi katentremanipun warga desa Pagerwesi saking bebaya lan sengkala. Tujuwanipun inggih menika supados masyarakat tansah kemutan marang pangeran Sumber Nyawa lan kangge ngucapake raos syukur amergi boten wonten bebaya ing desa Pagerwesi. Menawi boten dipuntindakake adicara wonten Keramat Dandang bakal wonten bebaya lan malapetaka.  

Kaping sekawan inggih menika wonten ing Watu Gedhe Mbah Bulu. Adicara manganan dipuntindakake wonten ing Watu Gedhe Mbah Bulu amergi papan panggonan kasebut dados petilasanipun Raden Rono Joyo ingkang jagi wilayah Gunungan. Tujuwanipun supados lemah wonten Gunungan kasebut mboten jengkur. Warga desa Pagerwesi percados menawi boten dipuntindakake lemah ingkang wonten wingkingipun griyanipun warga saged jengkur. Watu Gedhe Mbah Bulu cacahe niku wonten 3 watu ingkang mangen wonten pucukipun Gunungan ingkang dipuntanduri wit-witan. Masyarakat desa Pagerwesi percados menawi Watu gedhe Bulu niku ingkang jagi palemahan Gunungan.

Lan kaping pungkasan wonten kuburan desa Pagerwesi. Kuburan ingkangd dados papan panggonanipun adicara manganan inggih menika kuburanipun Mbah Panjak Emprak. Mbah Panjak Emprak inggih menika tiyang ingkang seda kaping setunggal ing desa Pagerwesi. Dados kenging menapa dipuntindakake wonten papan panggonan mriku, amergi kangge ngajeni lan dedonga supados dipun paring selamet lan ngilingake menawi manungsa niku bakal seda. Boten amung niku kemawon ananging uga supados masyarakat angadhahi raos syukur marang Gusti ingkang Maha Agung amergi ngantos saniki dipunparingi keselametan lan kesehatan.

Tata lampahipun adicara manganan yaiku wonten adicara pra lan inti. Adicara pra inggih menika saben kaluwarga nyepakake uabarampen. Saben kaluwarga damel ubarampen kangge adicara manganan. Saben adicara ing papan panggonan kedhah mbekta ubarampen. Ubarampen ingkang dipunginakake kangge adicara manganan niku maneka wernanipun. Saben kaluwarga nyepakake sesaji, ambeng lan uga jajanan pasar. Sesajinipun dipunwadahi takir. Takir inggih menika wadah saking godhong gedang kang disunduk ngangge biting saking godhong klapa. Takiripun cacahe wonten kalih. Takir kapisan isinipun inggih menika sego bucu, endhog, lan sekar. Takir sanesipun isinipun inggih menika wonten cenggeh, gerih dodok, kembang gantal, dhuwit tapak slawe ( dhuwit 125 utawa 1.250).

Ambengipun isinipun  wonten sego bucu, panggang pitik,  lawuh kang arupi tempe goreng, mie, jangan tewel, lan uga urap kacang. Jajanan pasar wajib wonten, iisinipun inggih menika wonten jadah, apem, kucur, onde-onde, gedhang, krecek/renginang, tape lan jajanan pasar sanesipun.  Ambeng niku dados simbol saking asilipun bumi ingkang sampun diolah masyarakat ingkang dados panguripanipun masyarakat. sego bucu niku wujud saking asilpun bumi inggih menika pari. Menapa kok dipunwujud bucu, miturut Bapak Saniman supados napa ingkang dados kekarepanipun masyarakat saged kalampahan. Panggang pitik wujud saking kewan ingkang saged dipundhahar masyarakat. Tempe ingkang asalipun saking dele, kacang, tewel niku minangka simbol tetaneman ingkang dipuntanem dening masyarakat. Syaratipun damel ambeng, wayah masak boten angsal dipunicip.

Miturut Bapak saniman kenapa jajanan pasar jadah niku wajib wonten, amergi jadah niku gadhahi makna kangge masyarakat supados langkung raket paseduluranipun. Apem ateges supados masyarakat urip ayem lan tentrem boten wonten bebaya lan sengkala. Onde-onde gadhahi makna menawi manungsa urip niku kayata onde-onde ingkang wujudipun bunder boten wonten ujungipun. Kekarepanipun manungsa niku kathah sanged mboten wonten pungasane. Dados supados masyarakat niku saged ngontrol napa kemawaon ingkang dados kekarepanipun. Gedhang supados padhang marganipun. lan ugi jajanan pasar lintunipun ingkang maneka wernanipun ingkang gadhahi makna pagesanganipun manungsa niku maneka wernanipun. Sipap lan tumindak manungsa niku wonten ingkang becik uga ala. Mula tujuwanipun kenging menapa kok ngangge jajanan pasar inggih menika supados masyakat saged milah tumindak ingkang becik lan tumindak ingkang ala.

Miturut Bapak Saniman adicara intinipun dipunwiwiti saking punjeripun desa Pagerwesi. Desa Pagerwesi lambangipun inggih menika awujud Naga, dados menawi adicara tradisi manganan kedhah dipuntindakake saking punjering desa inggih menika endasipun Naga.  Tata lampahipun tradisi manganan inggih menika;

(1) Dinten Kemis legi tabuh 09.00 WIB warga desa Pagerwesi nindakake bancaan wonten punden Mbah Ngali. Tata lampahipun inggih menika kaping satunggal warga desa Pagerwesi nyekar lan nyelehakake sesaji wonten pundenipun lajeng Mbah Moden mimpin donga. Sasampunipun donga warga kabeh liron ambeng. Lan dhahar sesarengan wonten papan panggonan mriku.

(2)  Malem Jemu’ah Pahing tabuh 19.00 WIB warga desa kempal wonten ing sendhang. Adiacara kasebut nyelehakake sesaji lajeng Mbah Moden mimpin tahlil. Ing adicara kasebut warga boten mbekta ambeng. Dados amung mbekta sesaji kemawon.

(3) Dinten Jemu’ah Pahing tabuh 09.00 WIB warga kempal wonten keramat dandhang. Tata lampahipun inggih menika sami kaliyan tata lampahipun wonten pundenipun Mbah Ngali. Warga desa Pagerwesi nyekar lan nyelehakake sesaji wonten pundenipun lajeng Mbah Moden mimpin donga. Sasampunipun donga warga kabeh liron ambeng.

(4)  Dinten Jemu’ah tabuh 11.00 warga desa Pagerwesi bancaan wonten Watu Gedhe Mbah Bulu. Wonten mriku ambeng boten dipun dhahar wonten mriku, ananging dipun bekta manthuk lan dipun dhahar wonten griyaniun piyambak-piyambak.

(5) lan pungkasan inggih menika nyekar lan bancaan wonten kuburan kang dipuntindakake dinten Jemu’ah tabuh 13.00 WIB sasampunipun sholat Jemu’ah. Wonten kuburan sasampunipun dedonga lan tahlil warga liron ambeng lajeng dipun dhahar sesarengan lan wonten ambeng ingkang dipunbekta manthuk.

 

No comments:

Post a Comment

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...