TRESNAKU
ORA BAKAL LUNTUR
Dening Desy Setywati
Sajroning
urip iku mesthi ana sing jenenge kasmaran. Kaya Joko sing lagi kasmaran karo
Susi. Joko tresna marang susi iku wiwit kelas siji SMA. Nganti saiki tresnane
Joko marang Susi ora luntur. Susi saiki mergawe ing Bravo ing Bojonegoro. Lan
Joko mergawe ing kantor bank sing ana ing Bojonegoro. Saben dinane Joko mikir
kepriye carane bisa pikanthuk Susi. Senadyan Susi ora ana rasa ing Joko,
nanging Joko tetep tresna marang Susi. Dheweke bakal kati ngenteni Susi,
senadyan Susi wis duwe pacar. Ning Joko duwe pikiran yen janur kuning durung
mlengkung isih bisa dirayuh. Esuk-esuk Susi arep budhal mergawe, ora nyana
ketemu karo Joko.
“Dhik,
arep budhal mergawe ta ?, bareng ta
dhek, tinimbang golek angkot ya durung ana.”
“Boten
Mas. Kula piyambakan mawon.”
“
Ora usah sungkan-sungkan dhek, wis ta tinimbang mengko kawanen.”
Susi
mikir lan gelem diajak Joko. Kepriye maneh tinimbang kawanen lan dipecat ya
golek tunutan. Saben dinane iku wis dadi pakulinane Susi. Joko seneng banget
atine amarga saben dinane bisa bebarengan karo Susi. Sapa ngerti yen saka iku
Susi bakal lilo atine lan bisa nrima Joko ing atine.
“
Piye dhik, enak ta yen bareng kaya mangkene?” Pitakone Joko ing susi kanti
cetha.
“
Maksute Mas?.”
“
Ora Dhik, guyon kok.”
“
Hlo temen ta Mas, apa sing dadi kekarepanmu Mas.”
“
Wis gak sida Dhik.”
Joko
bungah banget amarga saka wangsulane Susi iku, Joko yakin yen Susi iku wis ana
rasa marang dheweke. Wektu sore-sore Joko ngerti yen Susi mlaku-mlaku ing
pinggir dalan karo Edo. Lara banget atine Joko, ning Joko ora bakal pasrah.
Joko yakin yen Susi ora ana hubungan karo Edo. Banjur Joko marani Susi lan Edo.
Durung tekan panggonan Joko krungu omongane Susi lan Edo.
“Mas
benjing wonten acara?.”
“
Boten Dhik, wonten napa ta Dhik. Arep metu ta, sajake kok serius banget.”
“
Yen sampeyan purun inggih boten napa-napa ta Mas.”
“
Inggih saged kok Dhik. Mbenjing theng alun-alun nggih.”
“Inggih
Mas.”
Atine
Joko panas banget, kaya geni sing lagi mbulat-bulat. Ngerti yen Susi karo Edo
iku cedhak banget. Banjur Joko bali ing omah.
“
Ana apa ta Jok, kok sajake sedhih banget. Apa kurang yen gajian ta piye.”
“
Boten napa-napa kok Mbok. Boten kirang yen kula gajian. Ananging tresna kula
boten ditampi Mbok. Kula sampun tresna
sanget marang Susi Mbok. Ning Susi boten tresna kula, dheweke gandheng
raket kalih Edo. Punapa kula niki kirang
bagus ta Mbok. Pagawean sampun mapan, inggih boten pikalah kalih Edo.”
“
Apa bener sing awakmu delok iku? Nek simbok ngerti Edo iku lak wis duwe pacar ta
Jok. Nek gak salah Susi karo Edo iku mung kanca raket.”
Joko
bingung endi sing bener lan endi sing salah. Ning senadyan Susi kaya mangkono
tresnane ing Susi isih pancet, ora bakal luntur. Dheweke bakal merjuangi apa
sing dikarepake. Tekat lan niyat disiyapno kanti tumata.
“
Dhik aku arep takon ing sliramu. Apa sampeyan lan Edo iku pacaran ta Dhik.”
“
Pacaran Mas....!.Boten Mas, Mas Edo niku taksih sedulur kula ipe kula Mas. Kok
ya isa pacaran ta Mas. “
“
Oalah Dhik tak kira pacare sampeyan. Berarti aku isih ana kasempatan ta Dhik
gawe nyandhing sliramu.”
“
Sepurane Mas, kula sampun dijodhohake ibu lan bapa Mas. Kula mung bisa manut
kalih ibu lan bapa Mas.”
Ajur
lan remuk banget atine Joko. Krungu yen Susi ngomong kaya mangkono. Rasa atine
wis ora karu-karuan. Ning Joko tetep kuat ngadhepi perkara iku. Mung bisa
pasrah lan nangis ing jero atine.
“
Ealah Mbok, kepingin urip bebrayan karo Dhik Susi kok ya ditulak ta Mbok-mbok.”
“
Kok ya kaya mangkene ta Le. Tapi apa pancet le tresnamu ing Susi, senadyan kaya
mangoko?’
“
Ya pancet ta Mbok. Tresnaku iki wis katulis ing jero atiku wiwit SMA Mbok. Dadi
isih manggon ing ati Mbok.”
Dina-dina
wis dilakoni, tiba dina selasa pon wayahe Susi iku lamaran. Esuk banget Joko
digugah Simboke.
“
Le tanggi ta le, wis awan budhala adus le.”
“
Inggih Mbok, badhe tindhak mbok.”
“
Simbok arep nang omahe Susi, Le rak Susi dina iki arep lamaran ta Le.”
“Oalah
inggih Mbok.”
“
Awakmu ya melu lo, ndang adus ndang ganti klambi sing apik.”
“
Boten Mbok, kula boten tumut.”
“
Wis ta le manut apa sing dadi pikarepane Simbok.”
Banjur
Joko adus lan budal ing omahe Susi karo Simboke. Joko ora ngerti yen sing
lamaran iku dheweke karo Susi. Iku wis direncanakno simboke. Tekan omahe Susi
Joko kaget kok sanak kadange wis ana nang omahe Susi. Sing arep lamaran lak
calone Susi kok kaluwargane ing kana kabeh.
“
Jok, wis siyap lamarane. Ujare simboke.
“
Lho Mbok............”
“
Iya le awakmu sing lamaran karo Susi. “
Joko
seneng banget lan ora nyana yen dheweke bakal sesandingan karo Susi. Ora rugi
yen ngenteni. Joko lan Susi banjur lamaran lan Nikah.
No comments:
Post a Comment