NGERTI NALAR
Dening Desy Setyawati
Tumindake
kang katon ngesemake
Glunak-glunuk
ora kuwat rasa-rasane
Kaya-kaya
abot banget
Abot
banget panggalihe
Grusa-grusu
tumindake
Ora
perduli apa kang dadi akibate
Tikus
cilik saya suwe saya gedhe
Ora
perduli apa sing bakalan diganyang
Sing
penting bisa urip lan bisa mangan
Ora
penting yen bakal nyengsarakake
Praja
iki bakal yuwana
Yen
tan ana agni sing ambulat-mbulat
Kudu
paramarta nalare
Ora
grusa-grusu tumindake
Tumindak
sapenake dhewe
No comments:
Post a Comment