Pupus
Dening Desy Setyawati
Mawarku
sing dak tampa wingi wis pupus
Wis
mabur kagawa angin barat
Ganda
wangi sing wingi nganda ing jagad
Saiki
wis pupus
Pupus
ganda ambu wedhus
Kahananku
wis ora endah kaya jaman rikala
Tumpang-tindih
pacobaan ing jroning manah kula
Padha
tumancep eri ing manah kula
Lara.....
Lara
banget roas kang dak tampa
Tumetes
eluhku ing saben dina
Rina
wengi tansah kalara-lara
Mikirake
manungsa sing kaya mangkana
Wong
bagus...
Pancen
sira bagus tenan
Nanging,
apa sira ngerti kahanan sing wis dak tampa
Apa
sira wis ra duwe ati wong bagus
Sira
tega nancepke eri mawar ing jeroning manahku iki
Lelawane
yen pancen kaya ngene iki
Aku
bakalan mundur, mundur saka kahanan iki
Lilakna
aku ya wong bagus
No comments:
Post a Comment