Mendhunge wis
Sumilak
Dening
Desy Setyawati
Swara-swara
angin
Katon
kebak keprungu ing kuping
Sing
nerembes ing jroning ati
Sing
bisa nekakake pati
Biyung...
Kok
kaya ngene lelakonku
Apa
salahku biyung?
Sekar
kang dak puja-puja
Sing
dak anti-anti
Saiki
dikondol wong liya
Apa
aku kudu mati biyung?
Putraku,
sabara ing atimu ya
Tumindhak
kang becik lakonana
Keprungu
swara biyung sing kaya mangkana
Sing
bisa nggugah anteping manah
Tumindhak
kang becik bakal dak tindhakake
Ora
piwales tumindhak kang ala
Kudu
sabar lan dedonga
Supaya
pikanthuk pitulungan
Bener,
apa sing dadi piweling biyung
Saiki
nasibku wis mujur
Kenya
kang dak tresnani wis kepincut
Kepincut
marang tresnaku
Mendhung
sing gumulung
Wis
mabur kanginan ing awang-awang
Langit
kang biru
Mendhunge
wis sumilak
No comments:
Post a Comment