ARTIKEL BAHASA JAWA SINGKAT JAJANAN TRADISIONAL GETHUK TELA RAMBAT GORENG (RONDO ROYAL )

ARTIKEL  BAHASA JAWA SINGKAT

Bojonegoro, 4 September 2020

GETHUK TELA RAMBAT GORENG



Gethuk yaiku salahsawijining panganan kang asale saka tela rambat, bisa uga saka tela sing dijabut yen wong Bojonegoro negesi menyok. Basa Indonesiane Singkong. Tela yen diolah karo gula abang iku ana sing ngarani rondho royal. Akeh banget masyarakat mligine masayarakat Bojonegoro sing isih seneng karo panganan iki. Ora among saka wong sing umure wis sepuh ning uga isih ana bocah enom sing isih seneng karo gethuk goreng. Lan ora among seneng mangan nanging masyarakat uga seneng banget ngolah tela dadi gethuk goreng utawa rondho royal. Alesane amerga cara ngolahe gampang banget. Lan ubarampen sing digunakake uga gampang golekane.

Umume masyarakat daerah Bojonegoro uga nduweni pakaryan dadi tani. Sing ditandur ora amung pari wae, nanging uga jagung, tela rambat, lan uga tela jabut. Mula yen kepengin ngawe olahan saka tela iku golek bahane gampang banget. Biasane camilan iki dipangan pas wayah udan-udan lan dadi jaminan nalikane lagi tandur, matun lan danger  ana ing sawah. Nadyan cilik wujude ning maregi nang weteng. Merga bahane saka tela. Tela iku nduweni karbohidrat ning ora gedhe banget kaya sega. Mula panganan iki cocog kanggo wong-wong sing lagi proses diet.

Kepriye ta cara ngawene? Cara ngawene gampang banget. Ing kene bakal tak andharake kepriye carane ngawe gethuk tela goreng. Kaping pisan dicepkake ubarampen lan pirantine. Ubarampen sing digunkake kanggo ngawe gethuk tela goreng yaiku ana tela rambat, gula abang, lenga, tepung trigu, banyu, gula putih, lan uyah. Pirantine ana dandang, wajan, sotel, wadah baskom, kompor LPG lan sendok. Banjur kepriye ta cara ngawene? Cara ngawene uga gampang banget. Kapisan tela rambate dikoceki lan diumbah resik banjur digodog ing dandang nganti mateng. Yen tela wis matheng diajurne nganthi lembut banjur dideleh baskom dicampur karo tepung trigu, gula pasir, uyah saitik, lan banyu. Dicampur dadi siji nganti rata. Sawise kecampur, dibentuk bunder-bunder kaya onde-onde, lan tengahe diisi gula abang sing wis diiris-iris. Kabeh dibentuk bunder. Yen wis rampung bisa digoreng ing wajan sing ana lengone sing wis panas. Digoreng nganti wernane kuning coklat. Gethuk tela rambat goreng wis siap dipangan.

Gampang banget kan cara ngawene, lan dijamin enak rasane. Ubarampene uga irit ora nguras dhuwit. Saka andharanku pasti sampeyan kabeh kepengin jajal ngawe. Ayo tandang langsung, tinimbang jajan ing njaba ndadekake awak ora sehat. Yen nyamikane gethuk tela rambat goreng pasti sehat, ubarampen sing digunakake uga alami lan ora ngandhung bahan pengawet. Lan yen para pemuda seneng mangan lan ngawe jajanan tradisional iki. Pestine jajanan tradisional iki ora bakal musnah lan bakal tetep lestari. Mligine wong Bojonegoro kudu gelem melu njaga warisan leluhure, bisa uga budayane lan jajanan tradisionale. Supaya apa, anak lan putune awak dhewe iku ngerti lan ora ilang saparan-paran. 


No comments:

Post a Comment

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...