WACAN BOCAH
Uler Keket
Dening Desy Setyawati
Mulih sekolah Bayu
liwat ngarep omahe Simbah Mayang. Bayu mulih karo Nisa, Santi, lan Toni. Ing
ngarep omahe simbah Mayang Bayu ditimbali mbah Mayang. “Bayu, mreneo mampir
omahe simbah!” ujare simbah Mayang. “Inggih Mbah.” wangsulane Bayu ing mbah
Mayang. “Cah, aku tak mampir omahe mbah Mayang dhisik ya, mengko lek ibuku
ngoleki aku, tulung sampeyan kandani yen aku ing omahe mbah Mayang.” ujare Bayu
ing kanca-kancane. “Iya Bay, mengko tak kandanane.” jawabe Toni.
“Bay,
ndag mrene!” ujare Simbah. “Inggih Mbah, Otw.” Bayu banjur mlayu nang omahe
simbah Mayang. “Wonten menapa mbah, kok nimbali Bayu?” pitakone bayu marang
Simbah. “Kae, lho ing mburi ana uler keket ning wit jeruke simbah. Awakmu lak
wingi golek uler keket kanggo pakan manuk ta.”
“Oalah mbah, kula kinten wonten menepa, inggih
kula madosi uler keket mbah.”
“Ya,
wis ndang dijupuki ulere le, Simbah tak masak dhisik ya. Inggih Mbah.” Bayu
langsung mlaku ing mburi omah lan njupuki uler keket kanggo pakan manuke.
“Wah,
ulere gedhe-gedhe iki, manuku langsung warek. Wingi golek ora ana, ehhh
kebeneran ing omahe Simbah ana. Mbah, ulere gedhe-gedhe, yen kaya mangkene
manuku bisa wareg Mbah.” Ujare Bayu.
“Iya
le, pancen uler keket nang wit jeruk iku gedhe-gedhe. Simbah wae gigu le,
mulane tak kon jupuki awakmu.”
“Mbah,
niki kula sampun rampung mundhut uler keket, kula langsung wangsul nggih Mbah.”
ujare Bayu.
“ Lho, gak mangan sik
ta Yu, iki lo, simbah wis mateng. Mrene mangan dhisik, gak lesu apa piye,
awakmu lak durung mangan. Gak usah sungkan-sungkan nang omahe Simbah.”
“Mboten Mbah, kula
mangke dipadosi ibu, kula wangsul mawon Mbah.”
“ Oalah le-le, ya wis
ati-ati lek mulih, salam kanggo bapak lan ibumu ya saka Simbah.”
“Inggih Mbah,
assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.”
Tekan
pinggir kali Bayu tiba amerga kepleset. Bukkkkkkk,,, aduhhhh.” Ing pinggir kali
iku ana wong sing lagi mancing yaiku Mbah Prapto lan Mas Kamit. Keprungu swara
Mbah Prapto lan Mas Kamit mlayu marani Bayu. “Lho kenek apa Bay? Pitakone Mas
Kamit.
“ Aku tiba mas.”
wangsulane Bayu.
“Gak kenapa-kenapa ta,
ana sing lara pora?”
“ Ora Mas.”
“Lho,
uler keketku.”Bayu kaget amerga ulere padha mlayu saka jero kresek. “Mas,
nyuwun tulung sampeyan iwangi mundhuti uler keket iku Mas.” Mbah Prapto lan Mas
Kamit melu njupuki uler sing padha mlayu saka kresek sing suwek amerga kecantol
kayu.
“Bay, olehmu golek uler
keket kondi, kok mulih sekolah gawa uler keket?” pitakone Mbah Prapto nang
Bayu.
“Saking griyanipun Mbah
Mayang, Mbah.”
“Oalahh tekan omahe Mbah Mayang, pancen ing
omahe iku ana wit jeruk sing akeh uler kekete. Aku wingi ya golek uler keket
nang omahe Mayang.”
“Iki
uler keketmu, saiki ndang mulih, mengko digoleki ibumu. Ati-ati ya Bay lek
mulih, aja nganthi tiba maneh.” Welinge Mas Kamit marang Bayu.
“Inggih Mas. Mbah, Mas
kula wangsunl rumiyin nggih, mangga.”
“ Iya Bay.”
“Buk,
Bayu manthuk.”
“ La, kok lagek mulih
Bay, tekan endi wae. Digoleki bapakmu kae. Dikon makani manuk, wong ngingu
manuk kok ora dipakani.
“ Saking griyanipun Mbah
Mayang Buk. La niki nggih mundhut uler keket kangge pakan manuk Buk.”
“Iya ibu ngerti, kok
yahmene lagek mulih, la klambimu kok rusuh kabeh. Apa mampir dolan ta Bay.”
“Mboten
dolan Buk, ndek wau bayu kepleset wonten pinggir kali. Untunge wau wonten Mbah
Prapto lan Mas Kamit. Sing nulungi Bayu.”
“Tapi ora kenapa-kenapa
kan Bay?. Mboten kok Buk, santaiiii buk.”
“ Wis oleh pakan manuk
Bay?”
“Sampun Buk, niki uler
kekete.” Karo nduduhne kresek ing ibuke.
“Ya
ndang salin terus mangan. Uler kekete sampeyan wadahi umplung sing ana tutupe
mben ora mlayu ulere.
“Inggih Buk.”
wangsulane Bayu.
“Bay,
Bayu.” Ujare Tani saka ngarep lawang.
“Iya Ton, ana apa?” jawabane Bayu.
“ Ayok melu aku golek
uler keket, aku diutus bapak golek uler.”
“Aku lagek tekan omah
Ton, iki mangan. Mengko sore wae ya, mrene sik aku ya arep makani manuku.”
Toni
mlebu omah lan marani Bayu ing meja mangan. “Awakmu mau oleh uler keket akeh
pora?” pitakone Toni.
“Oleh akeh aku, uler
kekete gedhe-gedhe.”
“Nendi nek golek?”,
pitakone Toni.
“Ing omahe Mbah Mayang,
aku mau lak diceluk kon mampir ta, la iku aku dikon jupuki uler keket ing mburi
omahe.”
“ Mengko tak terne
mrono, ijek wakih ulere.”
“ Bay, ndag mangan dhisik.
Mengko lek omong-omongan.” jare ibuke Bayu ing Bayu.
“Inggih Bu.”
Toni
ngenteni Bayu mangan lan ngenteni dina nganthi sore. Ing omahe Bayu Toni
dolanan lan melu makani manuke Bayu. Bayu lan Toni jupuk manuk lan makani
manuke. Manuk sing dicekel wingi ing tengah alas tibake wis wareg, padahal mung
mangan loro uler keket. Saking gedhene uler kekete, manuke nganthi kewaregen.