ARTIKEL BAHASA JAWA SINGKAT JAJANAN TRADISIONAL GETHUK TELA RAMBAT GORENG (RONDO ROYAL )

ARTIKEL  BAHASA JAWA SINGKAT

Bojonegoro, 4 September 2020

GETHUK TELA RAMBAT GORENG



Gethuk yaiku salahsawijining panganan kang asale saka tela rambat, bisa uga saka tela sing dijabut yen wong Bojonegoro negesi menyok. Basa Indonesiane Singkong. Tela yen diolah karo gula abang iku ana sing ngarani rondho royal. Akeh banget masyarakat mligine masayarakat Bojonegoro sing isih seneng karo panganan iki. Ora among saka wong sing umure wis sepuh ning uga isih ana bocah enom sing isih seneng karo gethuk goreng. Lan ora among seneng mangan nanging masyarakat uga seneng banget ngolah tela dadi gethuk goreng utawa rondho royal. Alesane amerga cara ngolahe gampang banget. Lan ubarampen sing digunakake uga gampang golekane.

Umume masyarakat daerah Bojonegoro uga nduweni pakaryan dadi tani. Sing ditandur ora amung pari wae, nanging uga jagung, tela rambat, lan uga tela jabut. Mula yen kepengin ngawe olahan saka tela iku golek bahane gampang banget. Biasane camilan iki dipangan pas wayah udan-udan lan dadi jaminan nalikane lagi tandur, matun lan danger  ana ing sawah. Nadyan cilik wujude ning maregi nang weteng. Merga bahane saka tela. Tela iku nduweni karbohidrat ning ora gedhe banget kaya sega. Mula panganan iki cocog kanggo wong-wong sing lagi proses diet.

Kepriye ta cara ngawene? Cara ngawene gampang banget. Ing kene bakal tak andharake kepriye carane ngawe gethuk tela goreng. Kaping pisan dicepkake ubarampen lan pirantine. Ubarampen sing digunkake kanggo ngawe gethuk tela goreng yaiku ana tela rambat, gula abang, lenga, tepung trigu, banyu, gula putih, lan uyah. Pirantine ana dandang, wajan, sotel, wadah baskom, kompor LPG lan sendok. Banjur kepriye ta cara ngawene? Cara ngawene uga gampang banget. Kapisan tela rambate dikoceki lan diumbah resik banjur digodog ing dandang nganti mateng. Yen tela wis matheng diajurne nganthi lembut banjur dideleh baskom dicampur karo tepung trigu, gula pasir, uyah saitik, lan banyu. Dicampur dadi siji nganti rata. Sawise kecampur, dibentuk bunder-bunder kaya onde-onde, lan tengahe diisi gula abang sing wis diiris-iris. Kabeh dibentuk bunder. Yen wis rampung bisa digoreng ing wajan sing ana lengone sing wis panas. Digoreng nganti wernane kuning coklat. Gethuk tela rambat goreng wis siap dipangan.

Gampang banget kan cara ngawene, lan dijamin enak rasane. Ubarampene uga irit ora nguras dhuwit. Saka andharanku pasti sampeyan kabeh kepengin jajal ngawe. Ayo tandang langsung, tinimbang jajan ing njaba ndadekake awak ora sehat. Yen nyamikane gethuk tela rambat goreng pasti sehat, ubarampen sing digunakake uga alami lan ora ngandhung bahan pengawet. Lan yen para pemuda seneng mangan lan ngawe jajanan tradisional iki. Pestine jajanan tradisional iki ora bakal musnah lan bakal tetep lestari. Mligine wong Bojonegoro kudu gelem melu njaga warisan leluhure, bisa uga budayane lan jajanan tradisionale. Supaya apa, anak lan putune awak dhewe iku ngerti lan ora ilang saparan-paran. 


TRADISI MANGANAN ATAU SEDHEKAH BUMI ING DESA PAGERWESI KECAMATAN TRUCUK KABUPATEN BOJONEGORO

 

MANGANAN ING DESA PAGERWESI KECAMATAN TRUCUK KABUPATEN BOJONEGORO

Dening Desy Setyawati

 

Manganan yaiku salahsawijining tradisi kang ditindakake dening masyarakat desa Pagerwesi kangge ngucapake raos syukur dhateng Gusti ingkang Maha Agung. Manganan dipuntindakake kangge nyuwun marang Gusti ingkang Maha Agung supados desanipun boten wonten penyakit lan sengkala, ugi supados asilipun panen saged kathah. Miturut bapak Saniman adicara mangan boten amung ngucapake raos syukur dhateng Gusti Maha Agung, ananging ugi ngucapake matur nembah nuwun  marang para pepunden ingkang wonten desa Pagerwesi. Amergi sampun jagi desa Pagerwesi saking bebaya lan malapetaka lan uga ngurmati para sesepuh ingkang wonten desa.

Miturut bapak Saniman tradisi manganan kedhah dipuntindakake sedaya warga desa Pagerwesi boten amung tiyang jaler ananging uga tiyang estri lan bocah-bocah ugi tumut ing adicara kasebut. Warga mbekta sesaji lan ugi ambeng kangge adicara manganan. Ingkang dipunpimpin kaliyan Mbah Moden. Miturut bapak Saniman  manganan kedhah dipuntindakake sedaya warga desa amergi supados sedaya warga desa selamet lan ugi angsal berkah saking Gusti ingkang Maha Agung. Supados sedaya kaluwarga saged urip makmur, lan asilipun panen saged kathah boten wonten sengkala lan bebaya.

Tradisi manganan ing desa Pagerwesi kecamatan Trucuk Kabupaten Bojonegoro dipuntindakake ing sasi Juni utawa Juli. Adicara manganan ditindakake sasi Juni utawa Juli amergi ing sasi kasebut warga desa sampun panen sedaya. Lan kangge ngucapake raos syukur marang Gusti ingkang Maha Agung amergi sampun panen lan sampun dipunparingi rejeki. Supados panen salajengipun saged kathah malih lan ugi dipun parigi selamet. Sasi Juni utawa Juli  niku sasi ingkang barakoh, amergi masyarakat desa Pagerwesi angsal panen, boten taneman pari nanging uga pola pendem kang saged dados panguripan masyarakat.

         Tradisi manganan dipuntindke ing dinten Kemis legi  lan Jemu’ah Pahing. Menapa dipuntindakake ing dinten Kemis legi lan jemu’ah pahing, miturut Bapak saniman amergi sampun dados kapitayan masyarakat desa Pagerwesi lan ugi sampun turun tinurun saking para sesepuh. Lajeng kula nyuwun pirsa marang tangga  sanesipun inggih menika bapak Suwarn, miturut panjenenganipun inggih sami menawi adicara manganan ditindakake ing dinten Kemis legi lan Jemu’ah niku sampun dados kapitayan masyarakat lan sampun turun-tinurun saking para sesepuh . Kula nyuwun pirsa kaliyan warga sanesipun pamanggihipun inggih sami kaliyan bapak saniman, boten wonten ingkang mangertosi sebabipun adicara menika dipuntindakake dinten Kemis legi lan jemu’ah pahing.

Papan panggonanipun kangge nindakake tradisi manganan inggih menika wonten 5 papan panggonan. Ingkang kaping setunggal inggih menika wonten punden Mbah Ngali. Adicara kaping setunggal dipuntindakake wonten punden Mbah Ngali maergi gadhah tujuwan inggih menika kangge ngucapake raos syukur lan ugi dedonga kangge Mbah Ngali, lan uga  Mbah Ngali niku sesepuh kaping satunggal ing desa Pagerwesi. Miturut bapak Saniman warga desa Pagerwesi percados menawi Punden Mbah Ngali niku ingkang dados punjeripun desa Pagerwesi. Punjeripun inggih menika papan panggonan ingkang nomer setunggal masyarakat desa Pagerwesi niku hanetepi desa. Desa Pagerwesi niku tirose awujud naga, ingkang dados endasipun inggih menika wonten ing Punden Mbah Ngali.

Kaping kalih wonten ing sendhang. Kenging menapa dipuntindkakae wonten sendhang, amergi sendhang niku dados papan panggonanipun Mbah Danyang Pagerwesi ingkang naminipun inggih menika Mbah Karminah. Miturut bapak Saniman Mbah Danyang Pagerwesi niku danyang ingkang jagi desa Pagerwesi lan tiyang estri kaping setunggal wonten desa Pagerwesi ingkang dipunpercados dening masyarakat. lan ugi sendhang niku dados sumber toya ingkang diginakake masyarakat desa Pagerwesi kangge panguripan. Dados adicara manganan kedhah ditindakake wonten Sendhang, supados masyarakat boten supe kaliyan danyang desa Pagerwesi. Lan minangka rasa syukur marang Gusti ingkang Maha Agung, amergi sampun dipun paringi sumber toya kangge panguripanipun masyarakat.

Kaping tiga wonten Keramat Dandang. Menapa dipuntindakake wonten Keramat Dandang, miturut bapak Saniman Keramat Dandang niku petilasanipun pangeran Sumber Nyawa. Prajurit ingkang jagi katentremanipun warga desa Pagerwesi saking bebaya lan sengkala. Tujuwanipun inggih menika supados masyarakat tansah kemutan marang pangeran Sumber Nyawa lan kangge ngucapake raos syukur amergi boten wonten bebaya ing desa Pagerwesi. Menawi boten dipuntindakake adicara wonten Keramat Dandang bakal wonten bebaya lan malapetaka.  

Kaping sekawan inggih menika wonten ing Watu Gedhe Mbah Bulu. Adicara manganan dipuntindakake wonten ing Watu Gedhe Mbah Bulu amergi papan panggonan kasebut dados petilasanipun Raden Rono Joyo ingkang jagi wilayah Gunungan. Tujuwanipun supados lemah wonten Gunungan kasebut mboten jengkur. Warga desa Pagerwesi percados menawi boten dipuntindakake lemah ingkang wonten wingkingipun griyanipun warga saged jengkur. Watu Gedhe Mbah Bulu cacahe niku wonten 3 watu ingkang mangen wonten pucukipun Gunungan ingkang dipuntanduri wit-witan. Masyarakat desa Pagerwesi percados menawi Watu gedhe Bulu niku ingkang jagi palemahan Gunungan.

Lan kaping pungkasan wonten kuburan desa Pagerwesi. Kuburan ingkangd dados papan panggonanipun adicara manganan inggih menika kuburanipun Mbah Panjak Emprak. Mbah Panjak Emprak inggih menika tiyang ingkang seda kaping setunggal ing desa Pagerwesi. Dados kenging menapa dipuntindakake wonten papan panggonan mriku, amergi kangge ngajeni lan dedonga supados dipun paring selamet lan ngilingake menawi manungsa niku bakal seda. Boten amung niku kemawon ananging uga supados masyarakat angadhahi raos syukur marang Gusti ingkang Maha Agung amergi ngantos saniki dipunparingi keselametan lan kesehatan.

Tata lampahipun adicara manganan yaiku wonten adicara pra lan inti. Adicara pra inggih menika saben kaluwarga nyepakake uabarampen. Saben kaluwarga damel ubarampen kangge adicara manganan. Saben adicara ing papan panggonan kedhah mbekta ubarampen. Ubarampen ingkang dipunginakake kangge adicara manganan niku maneka wernanipun. Saben kaluwarga nyepakake sesaji, ambeng lan uga jajanan pasar. Sesajinipun dipunwadahi takir. Takir inggih menika wadah saking godhong gedang kang disunduk ngangge biting saking godhong klapa. Takiripun cacahe wonten kalih. Takir kapisan isinipun inggih menika sego bucu, endhog, lan sekar. Takir sanesipun isinipun inggih menika wonten cenggeh, gerih dodok, kembang gantal, dhuwit tapak slawe ( dhuwit 125 utawa 1.250).

Ambengipun isinipun  wonten sego bucu, panggang pitik,  lawuh kang arupi tempe goreng, mie, jangan tewel, lan uga urap kacang. Jajanan pasar wajib wonten, iisinipun inggih menika wonten jadah, apem, kucur, onde-onde, gedhang, krecek/renginang, tape lan jajanan pasar sanesipun.  Ambeng niku dados simbol saking asilipun bumi ingkang sampun diolah masyarakat ingkang dados panguripanipun masyarakat. sego bucu niku wujud saking asilpun bumi inggih menika pari. Menapa kok dipunwujud bucu, miturut Bapak Saniman supados napa ingkang dados kekarepanipun masyarakat saged kalampahan. Panggang pitik wujud saking kewan ingkang saged dipundhahar masyarakat. Tempe ingkang asalipun saking dele, kacang, tewel niku minangka simbol tetaneman ingkang dipuntanem dening masyarakat. Syaratipun damel ambeng, wayah masak boten angsal dipunicip.

Miturut Bapak saniman kenapa jajanan pasar jadah niku wajib wonten, amergi jadah niku gadhahi makna kangge masyarakat supados langkung raket paseduluranipun. Apem ateges supados masyarakat urip ayem lan tentrem boten wonten bebaya lan sengkala. Onde-onde gadhahi makna menawi manungsa urip niku kayata onde-onde ingkang wujudipun bunder boten wonten ujungipun. Kekarepanipun manungsa niku kathah sanged mboten wonten pungasane. Dados supados masyarakat niku saged ngontrol napa kemawaon ingkang dados kekarepanipun. Gedhang supados padhang marganipun. lan ugi jajanan pasar lintunipun ingkang maneka wernanipun ingkang gadhahi makna pagesanganipun manungsa niku maneka wernanipun. Sipap lan tumindak manungsa niku wonten ingkang becik uga ala. Mula tujuwanipun kenging menapa kok ngangge jajanan pasar inggih menika supados masyakat saged milah tumindak ingkang becik lan tumindak ingkang ala.

Miturut Bapak Saniman adicara intinipun dipunwiwiti saking punjeripun desa Pagerwesi. Desa Pagerwesi lambangipun inggih menika awujud Naga, dados menawi adicara tradisi manganan kedhah dipuntindakake saking punjering desa inggih menika endasipun Naga.  Tata lampahipun tradisi manganan inggih menika;

(1) Dinten Kemis legi tabuh 09.00 WIB warga desa Pagerwesi nindakake bancaan wonten punden Mbah Ngali. Tata lampahipun inggih menika kaping satunggal warga desa Pagerwesi nyekar lan nyelehakake sesaji wonten pundenipun lajeng Mbah Moden mimpin donga. Sasampunipun donga warga kabeh liron ambeng. Lan dhahar sesarengan wonten papan panggonan mriku.

(2)  Malem Jemu’ah Pahing tabuh 19.00 WIB warga desa kempal wonten ing sendhang. Adiacara kasebut nyelehakake sesaji lajeng Mbah Moden mimpin tahlil. Ing adicara kasebut warga boten mbekta ambeng. Dados amung mbekta sesaji kemawon.

(3) Dinten Jemu’ah Pahing tabuh 09.00 WIB warga kempal wonten keramat dandhang. Tata lampahipun inggih menika sami kaliyan tata lampahipun wonten pundenipun Mbah Ngali. Warga desa Pagerwesi nyekar lan nyelehakake sesaji wonten pundenipun lajeng Mbah Moden mimpin donga. Sasampunipun donga warga kabeh liron ambeng.

(4)  Dinten Jemu’ah tabuh 11.00 warga desa Pagerwesi bancaan wonten Watu Gedhe Mbah Bulu. Wonten mriku ambeng boten dipun dhahar wonten mriku, ananging dipun bekta manthuk lan dipun dhahar wonten griyaniun piyambak-piyambak.

(5) lan pungkasan inggih menika nyekar lan bancaan wonten kuburan kang dipuntindakake dinten Jemu’ah tabuh 13.00 WIB sasampunipun sholat Jemu’ah. Wonten kuburan sasampunipun dedonga lan tahlil warga liron ambeng lajeng dipun dhahar sesarengan lan wonten ambeng ingkang dipunbekta manthuk.

 

Adicara Panggih Temanten ing Kabupaten Bojonegoro

Tata Lampahipun Adicara Panggih Temanten ing Kabupaten Bojonegoro

·         Purwaning adicara

1.    Mijil

Temanten putri medal saking kamar rias kaliyan putri domas lan pamboyong temanten putri.

2.    Praptaning Temanten Kakung

Temanten kakung sampun dugi kaliyan pamboyong temanten kakung.

3.    Temanten Panggih/ Temu

Temanten kakung kaliyan temanten putri dipanggihaken kalih dukun temanten.

4.    Balang gantal

Kumlawe astane pinanganten putri hambalangaken gantalan ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta, pinanganten kakung daya-daya hambalangaken gantalan ingkang winastan godhang tutur.

5.    Liron kembang mayang

Putri domas lan manggala tukar kembang mayang, banjur kembang mayang ingkang ditampi domas dibucal wonten tarup.

6.    Jawat Asta

Temanten putri salaman kaliyan temanten kakung banjur dukun manten nguterake sesaji ingkang dipunwadahi bokor.

7.    Ngidhak endhog

Temanten kakung ngidhak endhog ingkang wonten inggilipun jarik.

8.    Wiji dadi

Temanten putri ambasuh sukunipun temanten kakung, yaiku suku kanan lir gumanti suku keri.

9.    Junjung drajat

Temanten kakung hanjunjung astanipun temanten putri. Kang angadhani teges temanten kakung kedah saged hanjunjung drajate garwa.  

10.    Sinduran

Ramanipun temanten putri

11.    Timbang Bobot

Rama lenggah ing sasana rinengga arsa hambobot timbang putra sarimbit. Risang temanten kakung kalenggahaken ing jengku iringan tengen, dene risang temanten putri kalenggahaken ing jengku iringan kiwa.

12.    Tanem Jero

Rama risang temanten putri jumeneng hangadhepi ingkang putra kalih. Kanthi rasa asih serta kebak ing sutresna den petek pamidhanganira risang penganten kekalih dening ingkang rama. Tinatur risang temanten kekalih amrih lenggah kanthi tentrem sinyutan ing kadang sentara wandawa. Risang penganten ing sasana rinengga kang winastan wisuda pengantin.

13.    Kacar-kucur

Oenganten arsa nindakaken adicara kacar-kucur. Kacar kucur , kacang kawak dhele kawak, arta receh pratandha kahartakan. Minangka jejering priya, tetungguling keluarga penganten kakung derbe jejibahan hangupaya sandhang miwah boga, amrih keluarga tansah kacekapan ing panggesangan. Risang ayu nampi guna tampa kaya datan wonten ingkang marebel mratandhani kalamun risang penganten putri badhe dados wanodya ingkang gemi nastiti ngati-ati.

14.    Dhahar walimah

Risang pengantin samya dedulangan, sarwa lawuh, ati antep kekaliyan sampun mantep ing nala, manunggal penesthi dadi jatarukramane. Dhahar dedulangan, risang penganten arsa liru salwiring kandha saniskaraning prakawis arsa rinembag ing madyaning kulawarga, datan ingkang dinamel wadi.

15.    Unjuk Toya wening

Temanten kakung lan temanten putri ngunjuk toya wening, suka parlampiyta bilih sanikaraning kandha miwah solah bawa arsa kapenggalih kanthi nala satemah tansah karyenak tyasing sasama.

16.    Mapag Besan

Panjenengane bapa lan ibu temanten putri jengkar saking palenggahan arsa tumuju wonten ing wiwaraning sasana wiwaha mapag praptaning besan sarimbit.

17.    Sungkeman

Risang temanten sarimbit sumedya anindakaken adicara sungkeman. Kekalihipun arsa sowan ngabiyantara dhumateng ingkang bapa dalah ingkang ibu nyuwun donga saha pangestu. Den lolosi kawontenanipun dhawuh dening risang ayu. Tindak lumampah tumuju dhateng papan palenggahipun ingkang bapa dalah ibu. Menawi sampun anindakaken adicara sungkeman, risang penganten kondur lenggah dhateng dhampar dhenta. Lenggah hanggana raras sang nata hanyandhing prameswarinata.

·         Adiacara salajengipun

1.      Waosan ayat suci Al-Qur’an

2.      Atur serah pinanganten kakung

3.      Atur tampi pinanganten kakung

4.      Dedonga

5.      Adicara Sunggingan kaliyan kaluwarga lan pamboyong dipun aturi supados dhahar lan ngunjuk sesuguhanipun.

6.      Hiburan

 

 

 

GEGURITAN BAHASA JAWA TEMA CINTA

 

KEPALING

Dening Desy Setyawati

 

Ingsun wis kadung tresna marang sliramu

Bungahing manahku wis mlumpat ing awang-awang

Mangerteni yen sliramu kebak katresnan marang ingsun

Ning ingsun tansah kepaling-paling

Menapa sira tresna marang ingsun?

Ingsun iling yen rikala sira singit banget marang ingsun

Apa jaman wis malik?

Sing bisa gawe malike atimu

 

Ingsun tansah kepaling-paling

Napa ingsun nampi katresnanmu

Katresnanmu sing wis agawe ingsun kuciwa

 

Ingsun arep maju

Ning manah ingsun wis kadung tatu

Ning ingsun isih tresna marang sira

Manah iki wis gumulung tansah kepaling

Tumindak apa sing bakal ingsun tindakaken

Rasa kepaling iki sing gumedhe ing manah ingsun

 

 

Surabaya, 21/04/2018

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Geguritan tema politik / geguritan kritik

 

NGERTI NALAR

Dening Desy Setyawati

 

Tumindake  kang katon ngesemake

Glunak-glunuk ora  kuwat rasa-rasane

Kaya-kaya abot banget

Abot banget panggalihe

 

Grusa-grusu tumindake

Ora perduli apa kang dadi akibate

Tikus cilik saya suwe saya gedhe

 

Ora perduli apa sing bakalan diganyang

Sing penting bisa urip lan bisa mangan

Ora penting yen bakal nyengsarakake

 

Praja iki bakal yuwana

Yen tan ana agni sing ambulat-mbulat

Kudu paramarta nalare

Ora grusa-grusu tumindake

Tumindak  sapenake dhewe

Geguritan tema sosial

 

Tangise Rakyat

Dening Desy Setyawati

 

Ingsun mung bisa nyawang

Ingsun  mung bisa krungu

Bomantara  sing gumulung ireng iki

Dadi saksi, kapan!

Dadi saksi bisune praja iki

Praja  sing wis mardeka

Paperangan wis sirna

Bungah susah wis dirasakna

Apa iki sing jenenge mardeka

Pratiwi iki wis kebak ludira

Gumlantar rakyat ing marga

Pangupajiwa kang sengsara

Para sanak-para kadang

Ora lanang ora wadon

Udrasa  tumetes ing saben dina

Ora peduli entek, eluh sing ing pipine

Para pamimpin wis asura

Sejatine amung siji panyuwune

Keadilan sing sejati....

CONTOH CERKAK BAHASA JAWA SOSIAL

 

ABOT TANGISE

Dening Desy Setyawati

    Dadi wong wadon sing nyukupi kabutuhan kaluwargane iku ora gampang.  Kaya Mbok Siti sing uripe mung golek dhuwit kanggo kaluwargane. Saben dinane kudu tangi esuk budal ing pasar. Senadyan ora diajeni bojone. Saben dinane bojone mbok Siti sing jenenge Kang Pardi mung leyeh-leyeh lan golek wedokan. Ing pawon mbok Siti lagi masak.

“Mbok,  kula kok boten kepireng bapak ?” Eh laya Le, pakmu iku lak saben dinane ora tau nang omah. Hla simbok kudu kepriye maneh. Uripe simbok wis kaya mangkene. Wis urip susah ditinggal golek wedokan karo bapakmu.

“ Punapa simbok boten gela kalih bapak ta ?” ujare Sandi.

Senadyan simbok gela kaya apa, ya apa bakal bapakmu sadar ta le. Simbok iki mung bisa nrima. Uripe simbok iki wis tuwa, malah isin yen karo tangga yen saben didane kok kerah wae karo bapakmu.”

“ Tapi yen kaya mangkene terus, uripe simbok bakal kalara-lara, Mbok. Aku ora tega yen ndeleng simbok kaya mangkene. Punapa simbok boten kepengin pegatan kaleh bapak ta mbok. Yen simbok pegatan simbok ora perlu menehi mangan bapak. Simbok aja mung bisa nrima wae, simbok kudu wani bantah bapak.

“Iya le, simbok ngerti apa sing kokkarepke.  Ning kowe lak saben dina wis kumpul karo simbok, dadi apa sing diadepi simbok ora abot, ana kowe le sing bisa nulung simbok. Mula kowe dadi wong lanang aja gawe larane wong wadon ya le.

“inggih mbok, bakal tak weling apa sing simbok ngendika”.

Ora mung duwe anak lanang siji anangig simbok Siti duwe anak wadon sing isih sekolah SMA. Jenenge Warni. Kena apa kok dijenengna Warni, niatane simbok supaya anakke bisa urip makmur lan nduweni aneka warni sing nduweni arti kebekjan. Ora kaya awake sing duweni urip kalara-lara.

“Brakkkkkkkkkkkk, swarane lawang disaduk kang Pardi. Sit nendi kowe, guneme kang pardi karo srengen. Ana apa mas, kok sajake nesu banget?”

“ Dhuwit sing oleh arisan kae nang endi. Hla dhuwite lak wis sampeyan gawa ta mas. Aku wis ora ana dhuwit maneh mas. Arep sampeyan gawe apa ta mas.” Ora usah kakean cangkem.” Kang pardi jupuk gelange mbok Siti. “Aja mas iki siji-sijine celenganku mas”. “Wis meneng ora usah kaean cangkem”. “Arep sampeyan gawe apa mas”.

“Pak, mendeko . aja gawa gelange simbok. Apa bapak ora sadar yen simbok iku uripe wis susah banget iku gara-gara bapak. Iling pak, iling ning akhirat pak. Bapak iku wis tuwa , sadar pak, eling anakmu ya wadon. Apa bapak tega yen Warni uripe kaya simbok. Ogak ta pak.”

“ Awakmu iku gak usah melu-melu, Le. Iki urusane mbokmu karo aku, nyingirno”. “Yen bapak kaya mangkono aku karo warni bakalan minggat saka omah iki pak”. “Mirio nek pancen kowe arep minggat, Le . Aku yo ora butuh awakmu”.

Grobyakkkkk, mbok Siti semaput. Mbok-mbok tanggi mbok. Pardi bingung lan jerit. Warni mreneo simbok War. Ana apa mas? Simbok kenapa mas ?

“ Iki kabeh salahmu Pak. Banjur Sandi mbopong simboke lan digawa ing rumah sakit, tekan rumah sakit mbok siti wis ora ana nyawane.

“Simbokmu iki wis ora ana le ,ujare dokter. Pirang wulan kepengker Sandi anake mbok Siti sing lanang lan Warni minggat tekan omah lan tuku omah dewe. Kang Pardi mung urip dewe ing omah. Uripe tambah susah, arep golek paggaweyan ning ora ana sing dicandak. Dagang telo nang pasar ya ora ana untunge, ning malah gulung tikar. Durung ngopeni wedokane sing senengane mangan dhuwit. Uga wis ora tahan karo kahanan Kang Pardi ninggalake wedokane. Uga butuh dhuwit kanggo mangan, kepeksa ngemis ning pinggir ratan.

Uripe Sandi lan Warni tambah makmur, Sandi dadi direktur ing perusahaan Mi Instan. Lan Warni adhike dadi dokter ing rumah sakit. Wektu Warni metu mangan karo kanca-kancane ing restoran Warni ketemu bapake. Kang Pardi ngerti yen iku Warni anakke, ning  kang Pardi ora wani nyapa , amarga  isin lan nyesel.

“ Hlo bapak”. “ Iya War iki bapakmu, sepurane ya ndok bapak biyen wis gawe uripmu lan uripe simbokmu susah, apa gelem awakmu ngajak bapak ndok. Napa bapak ora kelingan jaman semana. Bapak sampun gawe simbok nangis saben dinane. Simbok saiki wis tentrem ning swarga Pak. Warni nyuwun tulung bapak ora usah ngadep maneh ing ngarepe Warni lan Mas Sandi.”

Warni langsung ngalih. Tekan omah Warni kandha karo mase, mas kula ndek mau ketemu kaleh bapak. “Bapak ngemis mas, tiyange jaluk nyepura lan kepingin melu kula mas”. “Wis War ora usah nyebut bapak maneh. Ben dirasakna apa sing wis dilakoni bapak. Wis cukup kaya ngene wae. Saiki lalekna bapak lan ayo urip kaya saiki.”

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...