cerkak tema katresnan ( tema percintaan)

 

TRESNAKU ORA BAKAL LUNTUR

Dening Desy Setywati 

Sajroning urip iku mesthi ana sing jenenge kasmaran. Kaya Joko sing lagi kasmaran karo Susi. Joko tresna marang susi iku wiwit kelas siji SMA. Nganti saiki tresnane Joko marang Susi ora luntur. Susi saiki mergawe ing Bravo ing Bojonegoro. Lan Joko mergawe ing kantor bank sing ana ing Bojonegoro. Saben dinane Joko mikir kepriye carane bisa pikanthuk Susi. Senadyan Susi ora ana rasa ing Joko, nanging Joko tetep tresna marang Susi. Dheweke bakal kati ngenteni Susi, senadyan Susi wis duwe pacar. Ning Joko duwe pikiran yen janur kuning durung mlengkung isih bisa dirayuh. Esuk-esuk Susi arep budhal mergawe, ora nyana ketemu karo Joko.

“Dhik, arep budhal  mergawe ta ?, bareng ta dhek, tinimbang golek angkot ya durung ana.”

“Boten Mas. Kula piyambakan mawon.”

“ Ora usah sungkan-sungkan dhek, wis ta tinimbang mengko kawanen.”

Susi mikir lan gelem diajak Joko. Kepriye maneh tinimbang kawanen lan dipecat ya golek tunutan. Saben dinane iku wis dadi pakulinane Susi. Joko seneng banget atine amarga saben dinane bisa bebarengan karo Susi. Sapa ngerti yen saka iku Susi bakal lilo atine lan bisa nrima Joko ing atine.

“ Piye dhik, enak ta yen bareng kaya mangkene?” Pitakone Joko ing susi kanti cetha.

“ Maksute Mas?.”

“ Ora Dhik, guyon kok.”

“ Hlo temen ta Mas, apa sing dadi kekarepanmu Mas.”

“ Wis gak sida Dhik.”

Joko bungah banget amarga saka wangsulane Susi iku, Joko yakin yen Susi iku wis ana rasa marang dheweke. Wektu sore-sore Joko ngerti yen Susi mlaku-mlaku ing pinggir dalan karo Edo. Lara banget atine Joko, ning Joko ora bakal pasrah. Joko yakin yen Susi ora ana hubungan karo Edo. Banjur Joko marani Susi lan Edo. Durung tekan panggonan Joko krungu omongane Susi lan Edo.

“Mas benjing wonten acara?.”

“ Boten Dhik, wonten napa ta Dhik. Arep metu ta, sajake kok serius banget.”

“ Yen sampeyan purun inggih boten napa-napa ta Mas.”

“ Inggih saged kok Dhik. Mbenjing theng alun-alun nggih.”

“Inggih Mas.”

Atine Joko panas banget, kaya geni sing lagi mbulat-bulat. Ngerti yen Susi karo Edo iku cedhak banget. Banjur Joko bali ing omah.

“ Ana apa ta Jok, kok sajake sedhih banget. Apa kurang yen gajian ta piye.”

“ Boten napa-napa kok Mbok. Boten kirang yen kula gajian. Ananging tresna kula boten ditampi Mbok. Kula sampun  tresna sanget marang Susi Mbok. Ning Susi boten tresna kula, dheweke gandheng raket  kalih Edo. Punapa kula niki kirang bagus ta Mbok. Pagawean sampun mapan, inggih boten pikalah kalih  Edo.”

“ Apa bener sing awakmu delok iku? Nek simbok ngerti Edo iku lak wis duwe pacar ta Jok. Nek gak salah Susi karo Edo iku mung kanca raket.”

Joko bingung endi sing bener lan endi sing salah. Ning senadyan Susi kaya mangkono tresnane ing Susi isih pancet, ora bakal luntur. Dheweke bakal merjuangi apa sing dikarepake. Tekat lan niyat disiyapno kanti tumata.

“ Dhik aku arep takon ing sliramu. Apa sampeyan lan Edo iku pacaran ta Dhik.”

“ Pacaran Mas....!.Boten Mas, Mas Edo niku taksih sedulur kula ipe kula Mas. Kok ya isa pacaran ta Mas. “

“ Oalah Dhik tak kira pacare sampeyan. Berarti aku isih ana kasempatan ta Dhik gawe nyandhing sliramu.”

“ Sepurane Mas, kula sampun dijodhohake ibu lan bapa Mas. Kula mung bisa manut kalih ibu lan bapa Mas.”

Ajur lan remuk banget atine Joko. Krungu yen Susi ngomong kaya mangkono. Rasa atine wis ora karu-karuan. Ning Joko tetep kuat ngadhepi perkara iku. Mung bisa pasrah lan nangis ing jero atine.

“ Ealah Mbok, kepingin urip bebrayan karo Dhik Susi kok ya ditulak ta Mbok-mbok.”

“ Kok ya kaya mangkene ta Le. Tapi apa pancet le tresnamu ing Susi, senadyan kaya mangoko?’

“ Ya pancet ta Mbok. Tresnaku iki wis katulis ing jero atiku wiwit SMA Mbok. Dadi isih manggon ing ati Mbok.”

Dina-dina wis dilakoni, tiba dina selasa pon wayahe Susi iku lamaran. Esuk banget Joko digugah Simboke.

“ Le tanggi ta le, wis awan budhala adus le.”

“ Inggih Mbok, badhe tindhak mbok.”

“ Simbok arep nang omahe Susi, Le rak Susi dina iki arep lamaran ta Le.”

“Oalah inggih Mbok.”

“ Awakmu ya melu lo, ndang adus ndang ganti klambi sing apik.”

“ Boten Mbok, kula boten tumut.”

“ Wis ta le manut apa sing dadi pikarepane Simbok.”

Banjur Joko adus lan budal ing omahe Susi karo Simboke. Joko ora ngerti yen sing lamaran iku dheweke karo Susi. Iku wis direncanakno simboke. Tekan omahe Susi Joko kaget kok sanak kadange wis ana nang omahe Susi. Sing arep lamaran lak calone Susi kok kaluwargane ing kana kabeh.

“ Jok, wis siyap lamarane. Ujare simboke.

“ Lho Mbok............”

“ Iya le awakmu sing lamaran karo Susi. “

Joko seneng banget lan ora nyana yen dheweke bakal sesandingan karo Susi. Ora rugi yen ngenteni. Joko lan Susi banjur lamaran lan Nikah.

 

Cerkak sedhekah bumi / cerkak bahasa jawa tema kebudayaan

 

SEDHEKAH BUMI

Dening Desy Setyawati


 

    Srengenge wis katon metu, cemlorot warnane ing mata. Sari wis umek ing pawon gawe jajanan lan aneka werna panganan kanggo tumpengan. Ora mung Sari wae ananging warga kabeh wis padha umek ing pawon. Gawe nyiyapake adicara sing wis direncanakake 2 wulan sadurunge adicara. Sari ing pawon direwangi adhike wadon sing isih SMP klas 3.

“ Mbak tak rewangi ya, mumpung aku ora sekolah amarga saiki dinalibur. Dadi aku bisa ngrewangi sampeyan gawe jajan. Acara iki adicara apa ta Mbak kokpara warga padha sibuk dhewe-dhewe ing pawon.”

“ Adicara tumpengan gawe sedhekah bumi Dhik.”

“ Oalah Mbak. Oh iya Mbak aku diutus Pak RT dadi sie acara. Aku kok lali ya Mbak.”

“ Hlo kok isa lali ki ya apa ta Dhik. Wis ndang budhal kana.”

“Iya Mbak.”

Ora sadar yen jajanane wis padha siyap kabeh. Sari ora nyana yen bakalan cepet. Penggaweyan yen dicandhak bareng-bareng bakalan cepet rampung. Awan tabuh 12.30 WIB sedhekah bumi dilaksanakake. Para Warga kumpul ing lapangan gawa tupenge dhewe-dhewe. Ana siji wong tuwa sing dadi pamimpine sing mimpin adicara sadekah bumi kasebut. Sing jenenge Mbah Sarjo.

“ Ayo rakyatku, ndang diwiwiti acarane.” Ujare Pak Lurah.

“ Pak niki taksih wonten sing dereng rawuh Pak.”

“ Oh iya dienteni, kegiyatan iki wis dadi turun-temurun aja nganti diilangi ya. Kabeh iki kudu dijaga apa maneh golonganewong enom ing desa iki. Iki budhaya sing perlu dilestarikake para pamudha.”

Kabeh warga wis teka acara sedhekah bumine diwiwiti. Kabeh warga kumpul lan tumpenge didadekake siji lan digawa nguteri lapangan bareng-bareng. Mbah Sarjo ing ngarep dhewe karo gawa sesajen lengkap tanpa kurang siji apa-apa. Sari seneng banget amarga adicara iki bisa kalakon kathi apik lan lancar. Sari ing kana uga dadi panitia. Ora mung ngubengi lapangan ananging ya diarak ing saubenge desa. Ing dalan Sari katemu karo pejabat sing duweni pangkat gedhe.

“ Mbak apa acara iki wis dadi turun- temurun saka nenek moyang ta Mbak?.”

“ Inggih Pak, adicara niki sampun dados adicaraturun- temurun saking nenek moyang  rumiyin Pak.Lho bapak niki sinten nggih?”

“ Aku iki petugas saka dinas pariwisata Mbak.”

“ Oalah, inggih Pak. Ngapunteninggih Pak, papan pangoone desanipun taksih mekanten.”

Sari mung bisa njelentrehake apa sing dingerteni dheweke. Sari seneng banget bisa kenalan langsung karo pejabat sing diajeni para warga. Adicara sedhekah bumi iki bisa ngraketake paseduluran ing desa Manuk Wari. Ing adicara sedhekah bumi Sari bisa ketemu karo kaca-kanca lawase.

“ Lho Yan, sajake kok malih banget Ya.”

“ Malih piye ta Sar?.”

“ Malih ganteng, Yan.

“ Bisa wae awakmu.”

“kepriye acara sedhekah bumine arep ditanggapna apa iki?. Mosok mung tumpengan wae.”

“ Ya ora ta Mas, ana kethoprak lan tarian-tarian saka warga desa Manuk Wari. Kabudhayaan kudhu tetep mlaku. Wkwkwkw

“ Iya ngelestarikake budhaya iku penting banget ya. Dadi pamudha aja mung melu mekare jaman. Apa maneh jaman sing wis morat-marit iki. Wis lali apa sing dadi kawajibane lan hake.”

“ Iya bener apa sing dadi omonganmu.”

Ing tengah kegiyatan ora nyana ana masalah sing diadhepi Sari. Ing kana ana Sapi sing ucul saka kandhange. Sapine iku ngamuk-ngamuk lan nubruki tumbeng sing ana ing kana. Banjur para warga bingung lan padha mlayu sakarepe dhewe. Tumpenge padha ditinggal. Adicara sing dienteni setaun pisan dadi kaya mangkene.

“ Hlo sapine sapa iku kok ucul nang kene.”

“ Hlo Sar, kepriye iki acarane kok dadi kaya mangkene. Ya apa iki?”

“ Hla aku ya ora ngerti ta Mas, sajake kok dadi kaya mangkene. Acara sing dienteni warga setaun pisan dadi kaya mangkene, mung gara-gara sapi ucul Mas. Mas nyuwun tulung sampeyan ngendika ing Mbah Sarjo Mas.”

“ Iya Dhik.”

Kabeh warga padha bingung kok isa kaya mangkene ki ya apa. Apa iki tandha sing diwenehi para leluhur. Apa iki bakalan dadi mala petaka sing diadepi warga. Ananging Mbah Sarjo nentremke atine para warga, supaya ora bingung lan sedih. Kabeh masalah iku bisa diadhepi kanthi sabar lan pikiran adem.

“ Sar, kepriye iki yen ana kadadean kaya mangkene mesthi bakalan ana mala petaka ing desa iki Sar. Aku ya wedi Sar.”

“Sing sareh Pakdhe, niki sampun ditimbali Bapak kepala sukene.”

“ Gage Sar, selak ngamuk iku sapine.”

“ Inggih Pakdhe.”

“ Mas, ayo Mas.”

“ Iya Sar. OTW iki .”

Warga mung bisa dunga marang Gusti supaya ora ana kedadean elek sing bakalan diadhepi warga.

Ora suwe Mbah Sarjo bisa nyekel sapi sing ucul iku. Banjur adicara dirampungake. Warga wis ora gupuh maneh amarga masalah sing diadhepi  bisa rampung.

Cerkak tema mistik (Crita Cekak) basa indonesiane cerpen

 

BALEDESA LAWAS

Desy Setyawati

Ing sawijining dina Ratna lan kanca-kanca lunga ing kutha Bojonegoro. Dheweke duweni tujuwan kanggo ngadhakake panelitian. Wektu iku malem jemuwah legi. Ratna lan kanca-kanca lunga ing Baledesa. Baledesane iku sangkluk banget, katon angker banget. Ing kana ora mung Ratna lan kanca-kanca ananging karo para warga. Ing kana Ratna lan kancane menehi seminar ing warga. Wektu iku kancane Ratna sing  jenenge  Tyas kepengin nguyuh. Banjur Ratna lan Tyas ing jedhing. Tekan ngarep jedhing iku kahanane sepi banget. Katon sangkluk banget.

“ Sepi banget ya kahanan ing kene, iki Baledesa kok rusuh kaya mangkene ya. Mosok ya ora tau dirumat. Sajake iki petugase ya nendi kabeh. Wis sepi ya rusuh banget. Serem banget kaya ing kuburan.”

Tyas ora wani mlebu jedhing lan kepingin balik ing baledesa. Ananging Ratna negesake maneh. Yen ora ana apa-apa ing kene, senadyan Ratna ya wedi ananging dheweke tetep hawat-hawat wani supaya Tyas ora wedi.

“ Wis ndang nguyuh, ora ana apa-apa ing kene, tinimbang sampeyan nguyuh ing clana malah pesing kabeh. Sing ayu dadi ora ayu maneh lo Yas. Ayo wis bengi iki lo.”

“ Iya Rat, ning sampeyan aja nendi-nendi. Ing ngarep jedhing wae ya.”

“ Iya Yas. Wis aja ngoceh wae, ndang mlebu. Malah tak tinggal lo ya.”

Banjur Tyas mlebu jedhing senadyan wedi Tyas tetep meksa mlebu tinimbang nguyuh ing clana. Nalika Tyas ing jero jedhing Ratna krungu swarane wong nembang. Ratna duweni prasangka yen sing nembang iku Tyas.

“ Yas, bengi-bengi aja nembang ing jedhing, ora apik iku pamali Yas. Wong dikandani kok gak ngerti ta Yas. Tak tinggal lo ya, yen awakmu nembang wae.”

“ Sing nembang sapa, aku meneng wae. Tak kiro malah awakmu sing nembang.”

“ Lo banjur sapa sing nembang?.”

“ Awakmu ora usah gawe aku wedi, ki aku ing jero jedhing, tak guyang banyu kapok. Wis gak usah nembang.”

“ Apa aku tau mbujuk ta. Temen iki aku ora mbujuk. Aku ora nembang Yas.”

Banjur Tyias metu saka jedhing. Lan takon nendi swara iku asale. Awakmu kan sing nembang. Hayo aja mbujuk Rat.”

 “ Sumpah aku ora mbujuk, aku temenan iki Yas.”

Tyas ora percaya banjur Ratna lan Tyas bali ing Baledesa. Tekan Baledesa ing kana ora ana sapa-sapa. Ratna lan Tyas bingung merga gak ana warga lan kanca-kancane ing kana. Nendi kabeh kok ilang musna. Banjur Tyas telpon kancane sing jenenge Wati.

“ Halo Wat, sampeyan nendi kok ing Baledesa sepi?.”

“Halo Yas, aku iki  lo ing omahe Pak Lurah. Aku goleki sampeyan kok gak ana, nendi wae ta. Sampeyan dipadosi Pak Lurah. Ya apa kok metu ora kandha karo aku, aku iki kuwatir lo Yas. Tak telpon ya ora sampeyan angkat, Ratna ya ora diangkat.”

“ Hlo sampeyan iki piye ta lak kene iku ana seminar ing Baledesa. Tak tinggal nguyuh kok gak ana iki piye maksud mu.”

“ Hlo piye ta aku iki lagek tangi turu, kok bisa ing Baledesa. Ya apa maksudmu iku?. Aku iki ing omahe Pak Lurah.”

“ Sumpah, Hla terus sing ngancani aku ndek mau sapa?.”

“ Ora usah ngunu, aja mbujuk ta.”

Ratna lan Tyas bingung apa sing satemene dilakoni. Weruh yen Wati iku ora karo dheweke. Ratna lan Tyas kapikiran sapa sejatine sing ngancani dheweke. Yen dudu manungsa banjur sapa. Ora nyana sing ngancani iku ya bangsa lelembut. Banjur Ratna lan Tyas bali ing omahe Pak Lurah. Tekan dalan Ratna ngerti wit-witan sing obah dhewe.

“Yas, iku apa kok obah-obah dhewe.”

“ Iya Rat, paling angin iku.”

“ Ora ana angin kok isa angin ta.”

“ Iya-iya. Banjur iku sapa Rat. Aku wedi iki, Hlo-Hlo apa iku Rat putih-putih mlaku mrene.”

“ Iya Yas, piye ki Yas. Ayok mlayu wae Yas, wedi aku.”

“ Rat, kok tambah nyedhak iki ya apa Rat.”

Ratna lan Tyas mlayu banter banget. Nganti ora bisa disusul. Ora nyana sing nyedhak marani iku Ya Pak Lurah sing ngango klambi putih. Tekan omahe Pak Lurah Ratna lan Tyas crita ing Pak Lurah apa sing dilakoni.

“Sampeyan iki lo nendi wae, digoleki kancamu Wati iki lo.”

“ Kula ndek wau theng Baledesa Pak. Lha ndek wau kula lan Tyas ngadakake adicara seminar ing Baledesa Pak. Lha terose adicara seminar niku saniki.”

“ HLo lek seminar iku lak karo aku ta. Lha iki kanca-kancamu ya isih ing kene. Seminare iku sesuk  jam 7 bengi .”

“ Banjur, hla sing ngendika kaleh kula sinten Pak. Ndek wau Pak Lurah ngendika.”

“ Hlo, kok isa Aku sing ngomong. Aku ora ngomong karo sampeyan kabeh. Aku iki lo lagek mulih saka acara mantenan. Kok isa ngomong ngunu. Wong pethuk karo sampeyan kabeh iki lo lagek. Ya apa kadadeyane, critakno.”

“ Hla niku Pak, cariyose inggih dawa.”

Tyas lan Ratna crita ing pak Lurah apa sing dialami ing Baledesa karo Ratna. Yen dheweke iku diajak Wati seminar saiki, ing kana iya ana warga. Ning sawise teka jedhing kok gak ana manungsa ing kana. Ngerti critane iku Pak Lurah banjur njelasake ing Tyas lan Ratna apa sing dadi sejarahe Baledesa kasebut.

“ Ing Baledesa iku akeh banget kadadyean sing dilakoni warga. Ing kana akeh banget panunggune ora liya bangsa lelembut. Biyen Baledesa iku dadi pangonan buwakane mayate landha. Mula angker banget. Mesthi yen ana wong anyar bakal digodo lan digangu. Mula kudu ati-ati yen tumindak. Warga ya wis akeh banget ing ngalami kadadeyan kaya sampeyan kabeh. Iku ya wis ditumpengi apa, ning ya apa wis kaya mangkana. Iku wis dadi panggonane. Dadi wis ora gelem ngalih.”

“ Kok boten gantos ta Pak?.”

“ Iya biyen iku ya wis tau arep diganti ananging isih golek papan pangonan sing pantes kanggo  bangun Baledesa kasebut. Mula saiki isih digawe dhisik”

“ Oalah mekanten ta Pak. “

“ Oh iya sing sampeyan delok dek mau ora bangsa lelembut ananging iku aku sing goleki awakmu. Kok tambah mlayu banter banget. Aku sampek kasoh nututi.”

“ Ya Allah ngapunten  nggih Pak, kula lan Tyas boten ngertos.”

“ Iya ora apa-apa kok. Wis ndang padha turu iki wis bengi sesuk ana seminar ing lapangan ta.”

 

“ Inggih Pak, matur nembah nuwun.”

Amarga wis ngerti sejarah Baledesa. Ratna lan kanca-kancane yen tumindak ing Baledesa luwih ati-ati. Lan yen weruh bangsa lelembut ing kana iku wis ora wedi. Amarga wis kulina ing kana. Amarga wis bengi lan dina minggu ana seminar Ratna, Tyas lan Wati banjur turu, lan nyiapake piranti kanggo sesuk esuk. Supaya sesuk bisa lancar yen seminar.

“ Wis ndang ayo turu, wis bengi iki lo. Oh ya sesuk pirantine wis dadi durung?. Yen durung ayo digarap banjur turu.”

“ Wis mari kok Wat, ayo turu.”

“ Wis ayo”

Amarga piranti kanggo  seminar wis rampung, Ratna lan kanca-kancane turu.

contoh cerkak bahasa jawa

 

PENGIN SRAGAM SEKOLAH

Dening  Desy Setyawati

 

    Saben esuk Wati wis budhal menyang pasar. Karo nggendhong bakul cilik sing isine godhong-godhongan sing digawe masak. Wanci esuk pasar wis katon rame banget, para pedagang wis padha nggelar dagangane dhewe-dhewe.

“ Wati, kok ya yahmene wis tekan pasar?, ujare Warni.

“ Eh lha ya mbok, la lek yahmene durung tekan pasar ya arep mangan apa ta mbok .”

   Para pedagang mung bisa nyawang Wati, sing isih bocah dekwingi kok wis urip rekasa kaya mangkana. Apa ya ora ana wong tuwane sing nguripi. Senadyan isih bocah  sing umure 15 taun , Wati iku wis duwe bojo. Deweke dinikahake wong tuwane amarga wis ora bisa nyekolahna Wati. Wati yo wong wadon, ora pantes yen wong wadon iku sekolah dhuwur-dhuwur. Paling-paling ya mung nyandhak piring ing Pawon.

    Kabeh kaluwargane Wati ora sarujuk yen Wati iku sekolah. Sekolah iku mung ngentekake bandha, sing sekolah wae ora dadi apa-apa. Yen lanang sekolah iku ora apa-apa amarga wong lanang iku duwe kawajipan nguripi wong wadon. Ning seje karo wong wadon sing nduweni kawajipan ngerumat anak lan bojo. Ora sekolah ora apa-apa.

    Sejatine Wati iku ya pengin kaya kanca-kancane sing sekolah. Dheweke saben dinane kudu ngrewangi bojone nang pasar. Beda karo kanca-kancane sing isih guyon lan gegojegan ing latar sekolah. Wati wis kandha marang bapak lan simboke ning ora digagas.

“Mbok, kula kepengin sekolah mbok.”

“ Sekolah, Ndhuk !. Gawe apa sekolah, sekolah iku ora ana gunane Ndhuk. Awakmu iku wong wadon, wong wadon iku mung ngurusi anak lan bojone. Pagaweyane ya iku Ndhuk. Dadi anak aja mbantah wong tuwa. Marni sekolah dhuwur ya ora dadi apa-apa ta. Metu sekolah nikah banjur ngendhong anak. Ya iku kawajipane wong wadon Ndhuk.”

“Ananging taksih wonten tiyang estri kang sekolah niku sukses mbok.”

“Wong wadon iku aja ngimpi dhuwur Ndhuk cah ayu, tempe gembuk ora payu. Iling Ndhuk kowe iku wong wadon, seje karo wong lanang. Kaya simbokmu iki, pagaweane ya mung nang pawon. Ya iku kawajipane wong wadon. Manuta simbok lan bapak Ndhuk, nikaha karo Bagus Ndhuk. Bagus iku ya wis mergawe, senadyan ora sugih ning rekasane nyambut gawe josss tenan Ndhuk.”

“Kula mboten tresna kalih Mas Bagus, mbok. Kula dereng kepingin nikah mbok, yen kula mboten angsal sekolah. kula nyambut gawe Mbok,Pak.”

“ Awakmu iku wong wadon Ndhuk, yen awakmu durung nikah-nikah iku isih dadi tanggungane wong tuwa Ndhuk. Apa kowe kepengin gawe simbok lan bapakmu iku sedhih ta Ndhuk. Apa jare tangga yen duwe anak wadon kok durung dinikahna. Yen ana kadadean sing ora dipengini ya apa ta Ndhuk.”

Wati mung bisa nerima kanthi iklas apa sing dadi kekarepane simboke lan bapake. Senadyan kepingin sekolah ning gegayuhane Wati kepengin dadi Bidan iku wis luntur. Wati mung bisa nyimpen apa kang dadi impene iku ing jero atine. Amarga rasa tresnane Wati ing wong tuwane, dheweke gelem nikah karo Bagus.

Wis 11 sasi Wati nikah karo Bagus, uripe Wati saben dinane ya mung ngewangi bakulan ing pasar bojone. Karo nyekeli wetenge sing wis ngandhut 5 sasi. Karo nyawang kanca-kancane sing liwat ing dalan gawe sragam sekolah lan nyangklong tas. Wati mung bisa nyawang lan nguda rasa. Kok ya ngene uripe dheweke.

“ Mungga aku oleh sekolah, aku bakal gawe sragam sekolah.”

“Ana apa ta dhik, sajake kok ngelamun wae. Apa ya lesu ta piye dhik. Iku lo ana wong tuku ndang diladeni dhik.”

“ Inggih kang mas.”

“ Nek tak sawang-sawang sliramu kok nyawang bocah-bocah sing gawe sragam sekolah ta dhik? Sajake ana apa ta dhik. Aja gawe kang mas penasaran ta dhik.”

“ Saestu mboten napa-napa kang mas. Mung kepingin nyawang  Kang

Mas.”

“Oalah ya wis yen ngana Dhik. “

    Wati mung bisa nyimpen rasa ing jero atine. Wati ora wani kandha ing bojene yen dheweke iku kepingin gawe sragam sekolah. amarga wedi yen nyinder bojone. Wati iki wanita sing sabar lan bekti marang wong tuwane lan bojone. Mula akeh banget sing wigati marang Wati.

“ Ndhuk cah ayu, kepriye kandhutanmu ?. sehat ta .”

“ Inggih Budhe, alhamdulilah sehat budhe.”

“ Satemene aku ngerti apa sing kowe rasakne Ndhuk. Aku ngerti yen awakmu iku kepingin sekolah ta Ndhuk. Iku kabeh salahe bapak lan simbokmu. Wong duwe anak wadon sing niyat sekolah kokmalah dinikahna. Sing bener iku dadi wong tuwa kudu Ndhukung anake. “

“ Boten napa-napa budhe, niki sampun dados kawajiban kula bekthi marang wong tuwa budhe. Inggih sampun budhe niki sampun siyang kula badhe wangsul rumiyin. Niki kang mas inggih badhe tindak Magetan.”

“ iya, Ndhukkk.”

    Wati lan bojone bali ing omah. Tekan omah wati kepikiran apa sing diomongake Mbok Gini. Ning ya kepriye maneh sega wis dadi bubur. Wis ora kena dibaleni maneh. Tur wati ya wis ngandut 5 sasi. Kawajipane ya ngurusi anake yen lahir lan ngurusi bojone. Sing kudu dilakoni ya sinau dadi bojo sing apik. Lan kudu nrima apa sing dadi garise urip. Syukur-syukur yen bisa urip mulya karo bojone.

Geguritan tema agama

 

Nyuwun Pangapura Gusthi

Dening Desy Setyawati

 

Gusti...

Kula amung manungsa kang kebak dosa

Kula amung tiyang ingkang gampil gripil

Sing kagodha endahing danya

Akih banget tumindhak ala kang wis dak lakoni

 

Kula amung tiyang ingkang lemah

Ingkang boten saged mlampah piyambak

Kula amung tiyang ingkang kebak salah

 

Lumaku kula tansah kanyata setan

Sing ora wedi bebrayan

 

Kula supen marang panjenengan

Kula nistha marang panjenengan

 

Kula iling....

Gusti....

Yen donya iki dudu nomer siji

 

Kebak pangestu lan pangapura ingkang kula suwun

Tuntun kula Gusti.....

Tuntun kula ing margi kang becik

Margi  kang tansah panjenenengan tresnani

Duh Gusti....

Geguritan pitutur ( puisi jawa)

 

Mendhunge wis Sumilak

Dening Desy Setyawati

 

Swara-swara angin

Katon kebak keprungu ing kuping

Sing nerembes ing jroning ati

Sing bisa nekakake pati

 

Biyung...

Kok kaya ngene lelakonku

Apa salahku biyung?

Sekar kang dak puja-puja

Sing dak anti-anti

Saiki dikondol wong liya

Apa aku kudu mati biyung?

 

Putraku, sabara ing atimu ya

Tumindhak kang becik lakonana

 

Keprungu swara biyung sing kaya mangkana

Sing bisa nggugah anteping manah

 

Tumindhak kang becik bakal dak tindhakake

Ora piwales tumindhak kang ala

Kudu sabar lan dedonga

Supaya pikanthuk pitulungan

 

Bener, apa sing dadi piweling biyung

Saiki nasibku wis mujur

Kenya kang dak tresnani wis kepincut

Kepincut marang tresnaku

 

Mendhung sing gumulung

Wis mabur kanginan ing awang-awang

Langit kang biru

Mendhunge wis sumilak

Geguritan tema percintaan

 

Pupus

Dening Desy Setyawati 

 

Mawarku sing dak tampa wingi wis pupus

Wis mabur kagawa angin barat

Ganda wangi sing wingi nganda ing jagad

Saiki wis pupus

Pupus ganda ambu wedhus

 

Kahananku wis ora endah kaya jaman rikala

Tumpang-tindih pacobaan ing jroning manah kula

Padha tumancep eri ing manah kula

Lara.....

Lara banget roas kang dak tampa

Tumetes eluhku ing saben dina

Rina wengi tansah kalara-lara

Mikirake manungsa sing kaya mangkana

 

Wong bagus...

Pancen sira bagus tenan

Nanging, apa sira ngerti kahanan sing wis dak tampa

 

Apa sira wis ra duwe ati wong bagus

Sira tega nancepke eri mawar ing jeroning manahku iki

Lelawane yen pancen kaya ngene iki

Aku bakalan mundur, mundur saka kahanan iki

Lilakna aku ya wong bagus

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...