Cerkak irah-irahan Kembang Lambe

 

Kembang Lambe 

Desy Setyawati 

Sumunare sang surya kang werna abang kuning,  nggambarake kahananku nalikane isih ana ing negara Malaysia. Akeh bab kang dak lakoni nalikane isih dadi perawan sing dadi TKW ing negarane wong liya. Saiki kahananku wis bedho karo jaman biyen. Wis ora perawan maneh lan wis diceluk Ibu karo anak-anaku. Sawisé aku rabi karo bojoku, aku wis ora mergawe manèh dadi TKW ing manca. 

Saiki aku mung dadi ibu rumah tangga karo ngurusi anak-anaku. Dhuwit ya mung ngêndêlake pakaryan saka asil kringete bojoku. Ehh ra nyana sing biyen urip kecukupan asil kerja dhéwé, saiki mung pas-pasan. Syukur-syukur bisa mangan wis alhamdulillah. Ya disyukuri wae, alhamdulillah e nadyan urip pas-pasan bojoku ya gemati lan tanggungjawab. Ning bedha maneh karo tangga teparo sing lambene lamis. Saben dinane sing seneng ngumbar gosip. 

Sore  iki aku kepengin tuku sate.  Karo ngenteni bakul sate lewat tak sambi jagong karo momong anakku ing ngarep teras omah. Bedunduk ana Bu Darmawan sing liwat. 

" Eh Mbak, sore-sore kok wes enak tenan lungguh santai, apa ora masak ngresiki omah. Apa ja ja mertuamu kabeh sing nindakake."ujare Bu  Darmawan.

"Sampun rampung sedaya kok Bu Darmawan. Niki lare-lare kepengin sate, mula nggih nengga sinambi momong niki."

"Arek saiki, apa-apa tuku. Ra kaya mantu jaman biyen. Jaman saiki padha ngalem."ujare Bu Darmawan. 

Aku mung tak esemi karo mbatin, kok ana ya wong sing kaya ngunu. Senenge mung bisa maido wong liya. Ora bisa ngaca tumindakake dhewe. 

"Te sate Madura ta ye, ujare bakul sate sing liwat sinambi nyurung grobak."

"Pak sate."

"Okehhh." Jawab bakul saté. 

"Tumben tuku sate Mbak, ora masak apa piye." ujare Bu Patmi. 

"Nggih sampun masak Bu, nanging lare-lare niki lho kepengin sate Bu. 

"Halah paling ya mboke sing pengin, anake wae dadi alesan."ujare Bu Patmi karo ngguyu. 

Ora suwe bojoku mulih saka kerja. 

"Assalamualaikum, ujare bojoku sing lagi mulih mergawe. 

"Wa'alaikumsalam, pripun Mas lancar merdamel?"

"Ya ngunu dhek, kaya saben dinane, tak delok Kaet mau kok wajahmu ketok'e mrengut wae, ana apa ta sajake. "ujare bojoku Mas Marno 

"Biasalah Mas, tangga-tangga omongane gak  Wenak. Apa-apa dilokne, ora masak jare males lah. Mréntah metua, mantu males. Aku suwe suwe stress dhewe. 

" Lpo kok mbok pikir omongan ne tangga, ora usah digatekne. ngarai mumet sirah lek mikir omongane tangga. Penting awak dhewe ora ngurusi tangga lan ngrusuhi. "Ujare Mas Marno. 

"Inggih Mas. " 

Saben dinane omongan tangga-tanggaku sing wis biasa mlebu kupingku saiki wis ora tak gagas. Nadyan dadi kembang lambe ne tangga aku ya wis ora peduli. Yen dipikir-pikir pancen bener omongane Mas Marno. Ngurusi omongane tangga iku ora ana enteke, kabeh dicangkem. Iri meri Lang dengki bisa uga dadi sebab kembang lambe. 

Esuk-esuk pitik-pitik padha kluruk, wayahe para tani nyambut gawé. Bakul sayur padha liwat ing ngarep omah. 

"Sayur-mayur, mangga Buk, Mbak sayure. "Ujare tukang sayur. 

"Sayur Mas Joko."

Ibu- ibu padha ngumpul tuku sayur ing ngarep omahe Bu Darmawan. 

"Ehh Mbak Tini, masak apa ki. Ayamlah paling ora. Mosok mben dina kok masak sayur kangkung wae. Ujare Bu Darmawan nyemoni aku.

" Mboten Bu, lagi pengin sayur lodeh Niki. Ngirit Bu, benten kaliyan panjenengan."

"Oh, ya jelas lah. Aku lek gak mangan enak ki ora mantep rasane. Kan maklum lah bojone camat. "ujare Bu Darmawan. 

"Iya lah Bu, awak dhewe ngeneki kudu mangan enak, bedho karo Mbak Tini, sing mangane kaya wedhus. Hahahahaha." saute Bu Patmi. 

" Iya apa jare panjenengan sedaya Bu, kula niki napa ta. Penting saged maem niki wis alhamdulillah sanged. Ehh syukur-syukur ana luwihan saged dikempalken. "

"Helehhh kok luwih, mergawe mung dadi kuli wae kok bangga. Mulane ta mbak, golek bojo konsing berpangkat ngunu lho. Aja mung cinta cinta tok. Kok gêlêm wae karo Marno." Ujare bu Darmawan. 

"Lek niku nggih urusan kula Bu, penting kula lan kaluwarga seneng. Nadyan urip pas-pasan. "

" Angel ancen Bu ngomong karo wong ngeneki." saut Bu Patmi. 

"Ora oleh ngunu Bu ibu, kabeh iki urusane keluargane dhewe-dhewe. Apa jare sing dadi keputusane. Awak dhewe ora olèh mèlu cawé-cawé." Ujare Mas Joko tukang sayur. 

Pancen Bu Darmawan lan Bu Patmi iku wong sing seneng banget ngumbar gosip ing tangga teparo. Yen ora dhuweni ati kang jembar lan tatag bakal stress mikir omongane. Mula yen dadi tanggane kudu loss lan sabar banget. Apa maneh urip ing masyarakat lan ing desa. Akeh banget omongan sing lewat kuping kiwa lan tengen. Rasa-rasane wis dadi budaya yen urip ing desa iku kudu kandel kupingé. 





CONTOH WACAN BOCAH ( SASTRA ANAK/ CERKAK BOCAH)

 WACAN BOCAH 

Uler Keket

Dening Desy Setyawati

 

Mulih sekolah Bayu liwat ngarep omahe Simbah Mayang. Bayu mulih karo Nisa, Santi, lan Toni. Ing ngarep omahe simbah Mayang Bayu ditimbali mbah Mayang. “Bayu, mreneo mampir omahe simbah!” ujare simbah Mayang. “Inggih Mbah.” wangsulane Bayu ing mbah Mayang. “Cah, aku tak mampir omahe mbah Mayang dhisik ya, mengko lek ibuku ngoleki aku, tulung sampeyan kandani yen aku ing omahe mbah Mayang.” ujare Bayu ing kanca-kancane. “Iya Bay, mengko tak kandanane.” jawabe Toni.

            “Bay, ndag mrene!” ujare Simbah. “Inggih Mbah, Otw.” Bayu banjur mlayu nang omahe simbah Mayang. “Wonten menapa mbah, kok nimbali Bayu?” pitakone bayu marang Simbah. “Kae, lho ing mburi ana uler keket ning wit jeruke simbah. Awakmu lak wingi golek uler keket kanggo pakan manuk ta.”

 “Oalah mbah, kula kinten wonten menepa, inggih kula madosi uler keket mbah.”

            “Ya, wis ndang dijupuki ulere le, Simbah tak masak dhisik ya. Inggih Mbah.” Bayu langsung mlaku ing mburi omah lan njupuki uler keket kanggo pakan manuke.

            “Wah, ulere gedhe-gedhe iki, manuku langsung warek. Wingi golek ora ana, ehhh kebeneran ing omahe Simbah ana. Mbah, ulere gedhe-gedhe, yen kaya mangkene manuku bisa wareg Mbah.” Ujare Bayu.

            “Iya le, pancen uler keket nang wit jeruk iku gedhe-gedhe. Simbah wae gigu le, mulane tak kon jupuki awakmu.”

            “Mbah, niki kula sampun rampung mundhut uler keket, kula langsung wangsul nggih Mbah.” ujare Bayu.

“ Lho, gak mangan sik ta Yu, iki lo, simbah wis mateng. Mrene mangan dhisik, gak lesu apa piye, awakmu lak durung mangan. Gak usah sungkan-sungkan nang omahe Simbah.”

“Mboten Mbah, kula mangke dipadosi ibu, kula wangsul mawon Mbah.”

“ Oalah le-le, ya wis ati-ati lek mulih, salam kanggo bapak lan ibumu ya saka Simbah.”

“Inggih Mbah, assalamualaikum.”

“Waalaikumsalam.”

            Tekan pinggir kali Bayu tiba amerga kepleset. Bukkkkkkk,,, aduhhhh.” Ing pinggir kali iku ana wong sing lagi mancing yaiku Mbah Prapto lan Mas Kamit. Keprungu swara Mbah Prapto lan Mas Kamit mlayu marani Bayu. “Lho kenek apa Bay? Pitakone Mas Kamit.

“ Aku tiba mas.” wangsulane Bayu.  

“Gak kenapa-kenapa ta, ana sing lara pora?”

“ Ora Mas.”

            “Lho, uler keketku.”Bayu kaget amerga ulere padha mlayu saka jero kresek. “Mas, nyuwun tulung sampeyan iwangi mundhuti uler keket iku Mas.” Mbah Prapto lan Mas Kamit melu njupuki uler sing padha mlayu saka kresek sing suwek amerga kecantol kayu.

“Bay, olehmu golek uler keket kondi, kok mulih sekolah gawa uler keket?” pitakone Mbah Prapto nang Bayu.

“Saking griyanipun Mbah Mayang, Mbah.”

 “Oalahh tekan omahe Mbah Mayang, pancen ing omahe iku ana wit jeruk sing akeh uler kekete. Aku wingi ya golek uler keket nang omahe Mayang.”

            “Iki uler keketmu, saiki ndang mulih, mengko digoleki ibumu. Ati-ati ya Bay lek mulih, aja nganthi tiba maneh.” Welinge Mas Kamit marang Bayu.

“Inggih Mas. Mbah, Mas kula wangsunl rumiyin nggih, mangga.”

“ Iya Bay.”

            “Buk, Bayu manthuk.”

“ La, kok lagek mulih Bay, tekan endi wae. Digoleki bapakmu kae. Dikon makani manuk, wong ngingu manuk kok ora dipakani.

“ Saking griyanipun Mbah Mayang Buk. La niki nggih mundhut uler keket kangge pakan manuk Buk.”

“Iya ibu ngerti, kok yahmene lagek mulih, la klambimu kok rusuh kabeh. Apa mampir dolan ta Bay.”

            “Mboten dolan Buk, ndek wau bayu kepleset wonten pinggir kali. Untunge wau wonten Mbah Prapto lan Mas Kamit. Sing nulungi Bayu.”

“Tapi ora kenapa-kenapa kan Bay?. Mboten kok Buk, santaiiii buk.”

“ Wis oleh pakan manuk Bay?”

“Sampun Buk, niki uler kekete.” Karo nduduhne kresek ing ibuke.

            “Ya ndang salin terus mangan. Uler kekete sampeyan wadahi umplung sing ana tutupe mben ora mlayu ulere.

“Inggih Buk.” wangsulane Bayu.

            “Bay, Bayu.” Ujare Tani saka ngarep lawang.

 “Iya Ton, ana apa?” jawabane Bayu.

“ Ayok melu aku golek uler keket, aku diutus bapak golek uler.”

“Aku lagek tekan omah Ton, iki mangan. Mengko sore wae ya, mrene sik aku ya arep makani manuku.”

            Toni mlebu omah lan marani Bayu ing meja mangan. “Awakmu mau oleh uler keket akeh pora?” pitakone Toni.

“Oleh akeh aku, uler kekete gedhe-gedhe.”

“Nendi nek golek?”, pitakone Toni.

“Ing omahe Mbah Mayang, aku mau lak diceluk kon mampir ta, la iku aku dikon jupuki uler keket ing mburi omahe.”

“ Mengko tak terne mrono, ijek wakih ulere.”

“ Bay, ndag mangan dhisik. Mengko lek omong-omongan.” jare ibuke Bayu ing Bayu.

 “Inggih Bu.”

            Toni ngenteni Bayu mangan lan ngenteni dina nganthi sore. Ing omahe Bayu Toni dolanan lan melu makani manuke Bayu. Bayu lan Toni jupuk manuk lan makani manuke. Manuk sing dicekel wingi ing tengah alas tibake wis wareg, padahal mung mangan loro uler keket. Saking gedhene uler kekete, manuke nganthi kewaregen.

 

 

 

KUMPULAN CONTOH GEGURITAN BOCAH UTAWA SASTRA ANAK

 

SASTRA ANAK GEGURITAN (PUISI JAWA) 

Pantai Indrayati

Dening Desy S. 


Dina iki dina minggu

Dolan bareng keluwargaku

Ora lali ngajak simbahku

Dina iki bungah atiku

 

Pantai Indrayati...

Pantaine katon endah lan resik

Wit-witan ijo pinggir pantai

Nambah asrine pantai

 

Silir-silir kena angin

Ing pinggir pantai Indrayati

Ayo padha dijaga pantai indrayati

Supaya tetep adhem lan asri


Kebun Binatang Surabaya

Dening Desy S. 

Kebun binatang..

Papan panggonan para kewan

Ana gajah, singga lan macan

Akeh pawongan sing dolan

 

Dina minggu aku dolan karo ibuku

Lan karo kanca-kancaku

Rekreasi karo sinau

Sinau jeneng-jenenge kewan

Jare ibu guruku

Dadi manungsa iku kudu peduli karo kewan

Aja seneng mateni kewan sing dilindungi


WBL

Dening Desy S. 

WBL...

Papan pangonan kang ana ing Lamongan

Papan panggonan kanggo rekreasi

Lan golek hiburan

 

Saben liburan akeh sing teka

Aku lan kaluwargaku seneng dolan ing kana

Numpak dolanan sing ana ing kana

 

Ana laut sing wernane biru ing kana

WBL papan panggonan kang nyenengake

Papan panggonan sing gawe wong akeh bungah

Ayo padha dolan ing WBL. 


contoh sastra anak, geguritan tema kota dan nama tempat

 

Sastra Anak 

Geguritan bocah 

Kutha Batu

Dening Desy S. 


Kutha batu panggon kelahiranku

Kutha kang adhem lan akeh tanduran

Wit-witan kang ana ing dalan

Nambah senenge wong sing liwat

 

Kutha Batu...

Aku kepingin balik menyang kutha Batu

Dolan ing omah simbah lan kakungku

 

Wis suwe aku ninggalake kuthaku

Jare ibuku kutha Batu saiki tambah maju

Akeh papan panggonan wisata

Salah sijine alun-alun Batu.

TEMBANG MACAPAT GAYA GRESIK BAB 2

 

BAB II

ISI

2.1  Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Tembang macapat iku ana 11 tembang yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum nduweni teges dewe-dewe. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).

Salah siji paugeran yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada(satu bait) .Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra. 

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat yaiku : 

1.      Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 

2.      Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 

3.      Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 

4.      Asmaradhana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a 

5.      Dhandhanggula: Kedadeyan saka 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a. 

6.      Gambuh : Kedadeyan saka 5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 

7.      Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i,6a, 8i, 8a 

8.       Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a 

9.      Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 

10.   Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 

11.  Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a


2.2  Tembang Macapat Gaya Gresikan

Tembang macapat gaya Gresikan yaiku salahsawijining tembang macapat sing dadi ciri khase daerah Gresik. Tembang macapat gaya Gresikan diwulangake ing sekolah macapatan sing diadakake Lembaga Seni Budaya dan Olahraga ( LSBO ) PDM Gresik. Bisane sekolah macapatan diadakake saben dinten Rabu tabuh 18.30 -21.00.

Ancasipun diadakake sekolah macapatan yaiku kanggo nyinauni macapatan gaya Gresikan lan bisa neletareake macapat gaya Gresikan. Lan uga bisa ngasilake generasi paneru macapatan gaya Gresikan. Ing sekolah macapatan dipimpin seniman Gresik yaiku bapak Mat Kauli. Saderengipun bapak Mat Kauli wonten seniman saka Gresik yaiku almarhum Mbah Nurhasyim seniman saka desa Lumpur Gresik.

Deweke duweni gaya macapatan cengkok pesisiran. Ing sekolah macapatan uga ana bapak Sugeng Adipitoyo minangka dosen unesa pendhidhikan basa lan sastra jawa. Pesertanipun uga ana pegawe-pegawe saka greik.

Ing sekolah macapatan ora amung warga saka Gresik ing sinau anangin saka daerah liya. In kana pesertane iku ora ana batesane. Ing sekolah macapatan nyinauni tembang-tembang macapat. Ing kana saben peserta disilihi buku dewe-dewe. Wektu observasi nyinauni tembang Durma pelog sangga. Sadurunge iku sinau tembang asmarandana, amarga asmarandana iku lumayan angel miturute bapak Mat Kauli dadi diganthi tembang durma.

Tembang durma duweni teges watak keras, nesu, semangat, tegang lan uga duweni makna gawe manungsa sing lagi nesu. Ing sekolah macapatan gaya gresik iku ora sinau maca titi larasipun anangin maca cakepanipun. Sitem sinau sing digunakake iku bapak Mat Kauli menehi tuladha banjur ditiru karo pesertanipun.

PREFFIX , SUFFIX, AFFIX DALAM BUKU BASA KAWI

 

Kata Tambah

·         Prefik A-

1.      Amětěng = A- + mětěng

Pira kunang lawasnyâkurěn, amětěng tikang Sandyāduhitā. (hal 4)

2.      Anangis  = A- + nangis

Akrak anangis tikang rere tan hana tumulung ya. (hal 4)

Atěhěr = A- +  těhěr

3.      Ekěl ahirěng awěruut- wěrutan rambut nikang rare atěhěr ta nagaranya Suksesa. (hal 4)

4.      Aněmbah = A- + němbah

Umulih aněmbah i sang yang hyang indriya juga ya. (hal 55)

5.      Adaměl = A- + damel

Wismakarma sedeng adaměl ngka ri Anding nira. (hal 56)

6.      āwesāna = A- + wesana

Iki sang hyang indra āwesāna ri prabhawangku. (hal 57)

7.      atakut = A - + takut

aum ndatan atakut ta rahadyan sanghulu. (hal 56)

8.      aprang = A - + prang

aprang ta ya lawang sang hyang Indra. (hal 57)

9.      aparan = A- + paran

aparan tan girangya ni ngulun. (hal 58)

10.  apagěh = A- + pagěh

apagěh cutta nira rumaksa sang hyang suci. (hal 61)

11.  Awědi = A- + wědi

Ndang sang winuwusan pwa kumětěr awědi mangkin prihati. ( hal 61)

 

·         Prefik Ma-

1.    Mānak = ma- + anak

Kapwa Mānak  akweh tikang rāksasa tiga sānak. (hal 5)

2.    Maminta = ma- + minta

Sangka ri durbala sang watěk dewāta matang yan palayu mareng bhatares maminta saransraya paritrana, ling nira. (hal 6)

3.    Mapaga = Ma- + paga

Syapa anung mapaga sakti ning wisnu? (hal 7 )

4.    Magawe = ma- + gawe

Magawe prajinopaya  ta sira. (hal 55)

5.    Makon = ma- + akon

Makon widyadahari minghana iknang daitya trisirah. (hal 55)

6.    Masarira = ma - + sarira

Si Wrta  mawak masarira. (hal 56)

7.    Mālocita = ma - + locita

Ndan sang hyang Indra ta mālocita  kachindran  ikang daitya juga sira. (hal 58)

 

·         Afifix um-

1.    Umusap = Um- + usap

Matang nyan agirang pada umusap caranarenu. (hal 7)

2.    Umulih

Umulih anembah i sang yang hyang indriya juga ya. (hal 55)

3.    Umantuk = um + antuk

aneher umantuk ri kendran ira. (hal 56)

4.    Umareng = um- + areng

Tumuluy umareng kadewatan.(hal 57)

5.    Uminta

Uminta  helyana sang lugha. (hal 59)

 

·      Akhiran (suffix) –i

1.    Pějahi = pejah + i

An pejahi king daitya prajapatipura? (hal 56)

2.    Lumepasi = lumepas + -i

Lumampah ta sira lumepasi ng daitya bajra tiksana. (hal 56)

3.    Rahi = rah + -i

Iki matang nyang papulung rahi sanghulun kabeh. (hal 58)

4.    Umati = umat + -i

An ton kita jayasatru an telas umati kang daitya. (hal 65)

5.    Apenĭ = apen + -i

tatan anggā sang Dāsabalanak nira tukuněn apenĭ ratna kāncana. (hal 1 semawur 2)

 

·      Akhiran (suffix) –aken

1.    Kinonakěn = Kinon + -aken

Sama lawan grha bhatara ikang grha Kinonakěn gawayěnya. (hal 5)

2.    Angěnākěn  = Angěn + -aken

Lumampah ingkang widyadhari telas angěnākěn bhusana. (hal 55)

3.    Majaraken =  majar + -aken

Majaraken  saprayojana nira (hal 61)

4.    Sahuraken = sahur + -aken

De nira sahuraken tan ujar. ( hal 60)

5.    Tinutaken = tinut + -aken

Tinutaken ira tan sang yang umasruti. (hal 62)

6.         Mijilakěn = mijil  + -aken

Ikang tendas nyanguccarana wedamantra ya mijilakěn cakikyar. (hal 56)

 

·      Preffix pi-

1.    Pinaka = pi- + naka

Ngulun prasiddha indrapagen pinaka- prabhunta. (hal 60)

2.    Pituhun = pi- + tuhun

kabeh kasihana rajadyan sanghulun , pituhun tiki. (hal 61)

3.    Pininang = pi- + ninang

Apan milu sira pininang riking rajayajnakarya. (hal 38)

4.    Pisinggih = pi- + singgih

At pisinggih wuwus i nghulun. (63)

 

·      Preffix paha-

5.    Mahādewĭ = Mahā + dewĭ

Kahilangan prana tar wenang tumingal i mahādewĭ. (hal 33)

6.    Mahāpurusa = Mahā + purusa

Mangkana ta sang ratu mahāpurusa yatikamwataken. (hal 36)

7.    Mahāmuni = Mahā + muni

Kamarsala ike de mahāmuni. (hal 42)

8.    Mahāraja
Ai anakku Mahāraja ramadewa. ( hal 46)

 

·      Preffix pa-

1.    Pakêna = pa- + kêna

Om hingsaka pakêna sanghulun,” kumwa ling nikang waneh.  (hal 4)

2.    Pamětěng = Pa- + mětěng

Měne n pamětěng, 25 měne n pānak-anak. (hal 4)

3.    Pakěkěs = pa- + kěkěs

Kinonya tekang bala raksasa senana masangkepan angenakena pakěkěs ning wahana mwang sanjatanya. (hal 7)

4.    Patingkah = pa- +tingkah

Sangka yan agya nghulun tumontono patingkah niakng asma. ( hal 33)

5.    Pawěkas = pa- + wěkas

Apan mangkana pawěkas nira raka mahadewi. (hal 34)

6.    Panginum = pa- + nginum

Ikang ri madya pinakasadhananya n panginum suramadya. (hal 55)

7.    Pasara = pa- + sara

Tatan adwa pějah tekang daitya kěna tan pasara. (hal 56)

8.    Pagawe = pa - + gawe 

Masy-asih harah an-pagawe  tapa. (hal 56)

9.    Papulung = pa - + pulung

Iki matang nyang papulung rahi sanghulung kabeh. (hal 58)

 

v Kata Pasif

·      Preffix ka-

1.    Katon = ka- + ton

Katon pwa tibra ni denya mangkenaken tapa de sang yang indra, (hal 55)

2.    Kamung = ka- + mung

Aum anaku kamung watek dewata. (hal 57)

3.    Kasikep = ka- + sikep

Kabandha kasikep nirupaya.(hal 57)

4.    Karaksa = ka- + raksa

Pisaningu n karaksa kita kabeh de ni nghlun. (hal 59)

5.    Kakawasa = ka- + kawasa

Tath apin kakawasa nghlun denta.

 

·      De

1.    Wwang kabeh de ni tan tiba.(hal 59)

2.    Nika de ni kadustan. (hal 61)

3.    Ndatan katon ika de ni kamurkhanya. (hal 65)

4.    Kapanggih de rasika ling sang bhujangga. (hal 65)

5.    Tinanan ta sira de mahārāja, mājar ta sira yan Dāsabalakanya. (hal 1 semawur 2)

·      Awalan maka- (pinika- )

1.      Makaswāmiha = maka- + swāmiha

Kita juga sang Dewabrata makaswāmiha  ni nghulun tan wanehan. (hal 4 semawur 2)

2.      Makanimitta = maka- + nimitta

Makaswāmiha de niramda-mada haran pada Citranggada. (hal 5 semawur 2)

3.      Makaputra = maka- + putra

Sira ta makaputra  ri sang Drupada. (hal 7 semawur 2)

·      A- (ma-) ...aken

1.      Manambakakěn = ma - + tambak + -aken

Apan manambakakěn  awakta ring wway. (hal 68)

 

·      Affix –en, kapa- , kapi- dan kama- ......-en.

1.      Sanggahěn = sanggah + -en

Kunang tapang atakut sanggahěn  wyarthapraya  sagati. (hal 61)

2.      Wacaněn = wacan + -en

Manggalya saphala wacaněn sari-sari.  (hal 67)

3.      Panganěn = pangan + -en

Ya ta panganěn ira pinakosadhā ni laranya. (hal 70)

4.      Putěrěn = putěr + -en

Makanimitta katěmwan ikang amrt sakopayanya putěrěn. (hal 71)

5.      Warangěn = warang + -en

Sang Gandhawati Warangěn ira lawan sira bapa. (hal 1 semawur 2)

6.      Kapīndra = kapī + indara

Sugriwa Kapīndra prawara nguniweh sakweh sang watek. (hal 36)

 

 

 

 

 

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...