Geguritan Tema Pendhidhikan
Ngelmu
Dening Desy Setyawati
Ngelmu iku penting
Pentinge kadya panganan
sing dipangan manungsa
Bebasan imalaya sing
kudu diunggahi
Sanadyan wis sayah
Ananging ora bakal
luntur jiwa ragane
Pralaya bakal dilakoni
Kabeh kuwi prakara sing
kudu ditindakake
Agni tan ajrih karo
warih
Ngelmu iku bakal dadi
majune bangsa
Upaya ngelmu niku perlu
banget
Iku wis dadi kawajibane
panerus bangsa
Jejibahan sing kudu ditindakake
No comments:
Post a Comment