geguritan tema kebudayaan


Wis Palastra
Dening Desy Setyawati 

Cakra wis muter
Budaya wis palastra
Sing dhuwe kawajiban ora ditindakake
Lakune amung sapenake dhewe
Kadya maruta wis mabur ing jagad
Ambane samudra wis ora bakal disebrangi
Amarga wis oleh apa sing dikarepake
Budaya-budaya dilalekake
Senenge tumindak sing neka-neka
Ora peduli apa sing dadi akibate
Praja bakal sirna salawase
Kabudayan-kabudayan wis ganthi
Sing dadi tuladha mung budaya manca
Budayane dhewe dilalekake
Kepriye nasipe praja

No comments:

Post a Comment

Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...