Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar 

Desy Setyawati 

 Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora mukir yen atiku tansah kasasar. Prei kerja wis lumrah wong wayahe leren lan leyeh-leyeh. Nyandhak gawe semrawut nganti lali jejebahane. Esuk nganti peteng direwangi pontang-panting mergawe ning ora ana kasile. Durung maneh ditambah masalah ati sing lagi kekoyak-koyak kaya gombal suwek ning lemari. Pikiran tansaya semrawut. Karo nglamun aku mikir nang njero batinku. 

"Hé Ndulll, kenapa pean ki. Kok sajake ana pikiran sing lagi kok pikir. Mikir apa sajake kok nglamun wae, mergawe ya mergawe. Kesambet setan kapok mengko." Ujare Tini kanca cedhaku. 

"Ora apa Ndull, lagi mikir masa depanku sing gak padhang-padhang. Peteng dedet kaya lampu sing peteng ndek mburi iku. "

"Helehhh isa wae, crita a lek ana masalah. Aja dipendhem kaya ngunu, ngarai utek budrek lek pean pendhem kaya ngunu. Hayoo ndang crita, aku siap ngrungokake critamu. "Ujare Tini karo ndesek. 

"Ngene lho Ndull, tak rasak-rasakne uripku ki saya suwe kok ngenes ngene ya. Megawe samana suwene ora ana kasile. Ehh ditambah lagi atiku sing lagi kekoyak iki. Uripku ora bejo banget. Anger kenal wong lanang kok dilarani wae. Apa aku ki kena kutukan ta Ndull. " 

"Iya ora ngunu Ndull, kabeh uripe menungsa ki wis ana sing ngatur. Wis diatur garisé, lurus, bengkong kabeh wis diatur Gusti Allah Ndull. Aja mikir sing ora-ora kaya mangkono." Wangsulane Tini karo neblek pundhakku. 

Ora suwe keprungu swara sendal tekan lorong sing peteng. Aku lan Tini penasaran sapa sajake sing lagi lumaku iku. Kok katon gagah banget swarane. Sajake kaya lakune radèn Gathotkaca. Jembar jangkahe lantang swarane. 

"Ehh sapa iku Ndull, ayo mergawe manèh. Mengko ndang Pak Boss iku, isa-isa awak dhewe diseneni." Ujare Tini marang aku. 

"Iya, kenek semprit mengko awak dhewe. Ayo dilanjut gass ken." 

Ora suwe swara iku tambah banter nyedaki aku lan Tini. Dhuwur gagah ganteng kaya raden Arjuna. Aku ora tau nyawang pawongan iki, lagi iki ketemu dheweke. Apa ancen pegawe anyar ya, ujarku tekan atiku. 

"Ehh Mbak, ruang direktur sisih endi ya?" Pitakone Mas Andi minangka direktur anyar ing perusahaan iki. 

"Oh, niku Pak njenengan lurus mawon, pojok menthok. " Wangsulanku karo isin. 

"Lho Pak, kula kok mboten nate ketinggal panjenengan nggih, napa nembe teng mriki? Pitakone Tini marang Mas Andi. 

"Iya, aku ditugasaké ndek kene, lagi sedina iki aku mrene. Ohh ya tepangaken aku Andi direktur anyar ing kene. Muga tambah raket ya." Ujare Andi marang aku lan Tini. 

"Inggih Pak, ngapunten nggih kula lan kanca kula mboten ngertos yen panjênêngan direktur dhateng mriki." Wangsulanku karo isin. 

Lagi iki aku ketemu wong sing gagah banget. Sopan santune apik banget, nadyan dhuweni jabatan kang dhuwur lan isih enom sisan. Ndah neo aku dadi bojone, wihhh kaya ketiban emas sakebon. 

*** 

Sumunare sang surya wis katon sumurup ninggalake para kéwan lan tanduran. Wayahe wulan niliki kahanan donya iki.  Pandum jam wis nunjuk tabuh 05.30 WIB wayahe pegawe padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Aku lan Tini age-age gass mulih. Tekan lorong ketemu Mas Andi sing lagi lumaku nuju aku lan Tini. Rasane atiku kok tratapan. Lagi iki aku ngrasakne rasa kaya mangkene maneh. Apa aku iki nandang katresnan maneh karo wong lanang. Tapi rasan rasane wis kapok lombok dilarani karo mantanku. Ahh ora mungkin. 

"Sari, Tini." Ujare Andi karo ngawe aku lan Tini. 

"Dalem Pak, wonten napa nggih?" Pitakonku karo wedi, mbok menawa ana sing salah saka tingkah lakuku. Kok nganti ditimbali direktur. 

" Sepurane nggih Pak menawi kula lan Tini wonten salah dhateng panjenengan. "

"Ngomong apa ta awakmu jan-jane iki. Awakmu ra ana salah kok. Aku mung pengin ngajak mangan bareng awakmu karo kancamu Tini. Lak durung mangan ta, ayok ajak aku mangan ing panggonan sing enak panganané."ujare Mas Andi. 

"Walahh Pak, kula kinten wonten napa. Mangga Pak, siap." Saut Tini. 

"Wis yen ngomong karo aku biasa wae yen nang jaba, ora usah basa krama kaya mangkono. Aku ki mung kacek sitik umuré karo awakmu wong loro. Celuk Mas wae, yen nang kantor ora ngapa Pak. Tapi yen nang jaba Mas wae ya. " Ujare Andi karo teges. 

"Inggih Mas, siap." 

Weteng wis krasa wareg banget lan langit wis mendhung sumilak pertandha yen banyu arep mudhun ngguyur dalan iki. Aku, Tini lan Mas Andi langsung gage-gage mulih. Ora lali Mas Andi njaluk nomer Wa ku. Kanggo ngubungi aku yen ana perlune. Tekan omah rasane awakku wis ra karu-karuan remeke. Tak slonjorke awak ing dhuwur kasur karo meremke mripatku iki. Ora suwe aku kok kelingan wajahe Mas Andi nalikane nyawang aku. Mak tratap atiku rasane. 

Ora suwe HP ing sandhingku muni banter. Sapa sajake bengi-bengi Wa, kok tumben biasané ora tau ana HP muni ing wayah wengi. Tak deleng HPku ehh kagetku, pesen WA saka Mas Andi. 

"Dhek, iki aku Mas Andi. Sampun tilem ta?" Pesen WA nang HPku tekan Mas Andi.

"Bales ora ya, aku bingung poll. Gak dibales iki ya sungkan merga dheweke dhuwuranku. Dibales ya sungkan barang. Bales wae ahhh." Ujarku tekan atiku sing tekan jero. 

"Dalem Mas, dereng iki nembe badhe tilem. Wonten napa nggih?" Wangsulanku 

"Hehehe, aku sajake kok kepikiran awakmu terus dhek. Wiwit awak dhewe ketemu awan mau  nganti saiki aku terus kelingan sliramu dhèk. " Balesan saka Mas Andi. 

Waduh tambah kaget rasane atiku. Omongane Mas Andi kok jeru tenan. Asline ya padha sih aku ya kepikiran. Tapi mosok ta, Mas Andi iku seneng aku. Aku ya ora ayu, mung pegawe sangisoré de'e. 

"Aku jujur dhek, ngomong apa anane. Aku kayake seneng sliramu. Ya apa sesuk ketemu manèh ya diomongne bareng wayah istirahat jam kantor. Aku kepikiran sliramu terus dhek. Arep turu ora isa turu ya merga kepikiran terus." ujare Mas Andi marang aku lewat pesen WA mau. 

***

Kantor kang dadi panggonan mergawe sing sumpek ngebaki pikiran sing semrawut saiki dadi panggonan sing ngadekake pikirku. Dina saben dina tak lakoni, aku lan Mas Andi pacaran tambah suwe tambah raket. Lagi iki aku nemu wong lanang sing bisa ngerti apa kang dadi kekarepanku lan gemati marang aku. Biyen sing dilarani terus-terusan saiki ya alhamdulillah bisa ngrasakake apa iku sing jenenge katresnan sejati. 

"Ndull, ya apa hubunganmu karo Mas Andi?, Lancar ta? Bocahe ya apa Ndull. Ora nglarani atimu maneh kan?" Pitakone Tini Marang aku. 

"Ya alhamdulillah Ndull, Mas Andi bedho karo mantan-mantan ku dhisik. Dheweke bisa ngerti apa sing sak karepake. Ning aku ya rosok minder sih, aku mung ngisoran dheweke dhuwuranku. "

"Halah, ora dadi ngapa, sing penting padha senenge. Jabatan iku ora dadi ukuran Ndull, sing penting ati padha ati kudu ngerti. Iku prinsipe wong kang jejodohan. Ehh sapa ngerti iku jodohmu sing bakal ngancani uripmu. " Ujare Tini. 

"Ya muga-muga wae Ndull, dongaku ya kaya mangkono. Aku wis kapok lombok yèn dilarani maneh. Ehh sapa ngerti iki dadi padange atiku dadi jembaré dadaku. Biasané lelakon sing sak lakoni peteng dhedhet banget kaya lampu nang buri sing mati iku, ruwet kaya buletane rapia sing mbulet. Saiki kok lumayan katon sumunar srengenge rembulan. " Wangsulanku marang Tini. 

"Aku dadi kancamu mung isa dedonga sing apik kanggo awakmu Ndull. Iya iku mau dongaku kanggo awakmu. Supaya bisa urip padhang dalane lan bisa têntrêm atimu. Ora peteng maneh kaya biyene. Sing biyen ya biyen dilalekne, saiki dibuka buku anyaré, sing kosong diisi luwih becik maneh supaya padhang sumunar rembulanne iku. " Ujare Tini marang aku. 

Uripe manungsa pancen ora ana sing ngerti. Gusti pangeran wis ngarisi apa kang dadi takdire manungsa. Dadi manungsa mung bisa nrima apa kang dadi garise. Sabar nrima yen ana masalah kang ana. Ora bakal rembulan ilang sumunare pesthine bakal sumunar balik yen mendhung sing sumilak wis ilang. Endahe rembulan ing wayah wengi bakal dadi tentreme ati iki. 

Isih ana lanjutane.....






Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...