Cerkak irah-irahan Kembang Lambe

 

Kembang Lambe 

Desy Setyawati 

Sumunare sang surya kang werna abang kuning,  nggambarake kahananku nalikane isih ana ing negara Malaysia. Akeh bab kang dak lakoni nalikane isih dadi perawan sing dadi TKW ing negarane wong liya. Saiki kahananku wis bedho karo jaman biyen. Wis ora perawan maneh lan wis diceluk Ibu karo anak-anaku. Sawisé aku rabi karo bojoku, aku wis ora mergawe manèh dadi TKW ing manca. 

Saiki aku mung dadi ibu rumah tangga karo ngurusi anak-anaku. Dhuwit ya mung ngêndêlake pakaryan saka asil kringete bojoku. Ehh ra nyana sing biyen urip kecukupan asil kerja dhéwé, saiki mung pas-pasan. Syukur-syukur bisa mangan wis alhamdulillah. Ya disyukuri wae, alhamdulillah e nadyan urip pas-pasan bojoku ya gemati lan tanggungjawab. Ning bedha maneh karo tangga teparo sing lambene lamis. Saben dinane sing seneng ngumbar gosip. 

Sore  iki aku kepengin tuku sate.  Karo ngenteni bakul sate lewat tak sambi jagong karo momong anakku ing ngarep teras omah. Bedunduk ana Bu Darmawan sing liwat. 

" Eh Mbak, sore-sore kok wes enak tenan lungguh santai, apa ora masak ngresiki omah. Apa ja ja mertuamu kabeh sing nindakake."ujare Bu  Darmawan.

"Sampun rampung sedaya kok Bu Darmawan. Niki lare-lare kepengin sate, mula nggih nengga sinambi momong niki."

"Arek saiki, apa-apa tuku. Ra kaya mantu jaman biyen. Jaman saiki padha ngalem."ujare Bu Darmawan. 

Aku mung tak esemi karo mbatin, kok ana ya wong sing kaya ngunu. Senenge mung bisa maido wong liya. Ora bisa ngaca tumindakake dhewe. 

"Te sate Madura ta ye, ujare bakul sate sing liwat sinambi nyurung grobak."

"Pak sate."

"Okehhh." Jawab bakul saté. 

"Tumben tuku sate Mbak, ora masak apa piye." ujare Bu Patmi. 

"Nggih sampun masak Bu, nanging lare-lare niki lho kepengin sate Bu. 

"Halah paling ya mboke sing pengin, anake wae dadi alesan."ujare Bu Patmi karo ngguyu. 

Ora suwe bojoku mulih saka kerja. 

"Assalamualaikum, ujare bojoku sing lagi mulih mergawe. 

"Wa'alaikumsalam, pripun Mas lancar merdamel?"

"Ya ngunu dhek, kaya saben dinane, tak delok Kaet mau kok wajahmu ketok'e mrengut wae, ana apa ta sajake. "ujare bojoku Mas Marno 

"Biasalah Mas, tangga-tangga omongane gak  Wenak. Apa-apa dilokne, ora masak jare males lah. Mréntah metua, mantu males. Aku suwe suwe stress dhewe. 

" Lpo kok mbok pikir omongan ne tangga, ora usah digatekne. ngarai mumet sirah lek mikir omongane tangga. Penting awak dhewe ora ngurusi tangga lan ngrusuhi. "Ujare Mas Marno. 

"Inggih Mas. " 

Saben dinane omongan tangga-tanggaku sing wis biasa mlebu kupingku saiki wis ora tak gagas. Nadyan dadi kembang lambe ne tangga aku ya wis ora peduli. Yen dipikir-pikir pancen bener omongane Mas Marno. Ngurusi omongane tangga iku ora ana enteke, kabeh dicangkem. Iri meri Lang dengki bisa uga dadi sebab kembang lambe. 

Esuk-esuk pitik-pitik padha kluruk, wayahe para tani nyambut gawé. Bakul sayur padha liwat ing ngarep omah. 

"Sayur-mayur, mangga Buk, Mbak sayure. "Ujare tukang sayur. 

"Sayur Mas Joko."

Ibu- ibu padha ngumpul tuku sayur ing ngarep omahe Bu Darmawan. 

"Ehh Mbak Tini, masak apa ki. Ayamlah paling ora. Mosok mben dina kok masak sayur kangkung wae. Ujare Bu Darmawan nyemoni aku.

" Mboten Bu, lagi pengin sayur lodeh Niki. Ngirit Bu, benten kaliyan panjenengan."

"Oh, ya jelas lah. Aku lek gak mangan enak ki ora mantep rasane. Kan maklum lah bojone camat. "ujare Bu Darmawan. 

"Iya lah Bu, awak dhewe ngeneki kudu mangan enak, bedho karo Mbak Tini, sing mangane kaya wedhus. Hahahahaha." saute Bu Patmi. 

" Iya apa jare panjenengan sedaya Bu, kula niki napa ta. Penting saged maem niki wis alhamdulillah sanged. Ehh syukur-syukur ana luwihan saged dikempalken. "

"Helehhh kok luwih, mergawe mung dadi kuli wae kok bangga. Mulane ta mbak, golek bojo konsing berpangkat ngunu lho. Aja mung cinta cinta tok. Kok gêlêm wae karo Marno." Ujare bu Darmawan. 

"Lek niku nggih urusan kula Bu, penting kula lan kaluwarga seneng. Nadyan urip pas-pasan. "

" Angel ancen Bu ngomong karo wong ngeneki." saut Bu Patmi. 

"Ora oleh ngunu Bu ibu, kabeh iki urusane keluargane dhewe-dhewe. Apa jare sing dadi keputusane. Awak dhewe ora olèh mèlu cawé-cawé." Ujare Mas Joko tukang sayur. 

Pancen Bu Darmawan lan Bu Patmi iku wong sing seneng banget ngumbar gosip ing tangga teparo. Yen ora dhuweni ati kang jembar lan tatag bakal stress mikir omongane. Mula yen dadi tanggane kudu loss lan sabar banget. Apa maneh urip ing masyarakat lan ing desa. Akeh banget omongan sing lewat kuping kiwa lan tengen. Rasa-rasane wis dadi budaya yen urip ing desa iku kudu kandel kupingé. 





Novel basa Jawa kang irah-irahané Rembulane wis sumunar

Rembulane Wis Sumunar  Desy Setyawati   Dina minggu pancen dadi dina sing daktunggu-tunggu. Bebasan ngenteni banyu segoro kang lagi asat ora...